Pakulinan
Pak Ronodipo sakloron ing desa
Gumiwang mono, mujudake pasangan manula sing harmonis, ngono istilah saiki.
Wiwit enom nganti saiki anak-anake wis padha dadi wong, lan putune wis mbeyayah
malah wis duwe buyut loro, uripe tansah guyup rukun, ayem tentrem
sih-sinisihan.
Minangka wong ndesa klebu kuna, sing
uripe saka olehe tetanem, tansah tawekel olehe nyambut gawe. Gotong royonge
karo sanak kadang lan tangga teparo kenthel.
Tansah katon ing bot-repoting tangga
kiwa tengen sing lagi mbutuhake pitulungan, luwih-luwih ing wektu kesusahan.
Ing mangsa labuh lan mangsa panen,
kekarone dina-dina neng sawah nekuni pakaryan sing dadi garapane. Anake telu
lanang kabeh, saiki wis padha mbangun brayat lan ya wis padha anak-anak.
Sing mbarep Pardi, ana Jakarta,
nyambut gawe neng pegadhean, mbiyen katut kanca. Dene sing tengah Parto,
karyawan pelabuhan neng Semarang, ragile Parmin saiki ana Surabaya bukak
bengkel sepedha motor, sing wis lumayan gedhene. Sing dirabi bocah Surabaya
kono wae, ngrewangi eker-eker bojone bukak restoran rujak cingur sing wis akeh
lengganane.
Yen Pak Rono, wis kerep diajak
anak-anake neng Jakarta lan Semarang uga Surabaya, ning kerep-kerepe mung ijen.
Mbok Rono yen diajak ora tau gelem
alasane werna-werna, jare ora mentala ninggalake omah yen nganti dinan-dinan
ditinggal lunga. Sejatine jroning ati rumangsa eman yen lelungan kuwi, jare
mung mbuwang-mbuwangi dhuwit gek ming ora penting, kejaba mung entuk seneng.
Mangka yen gelem ngerti, yen
anak-anake ngajak kepingin ditekani wong tuwane kuwi, ya tanggung jawab penuh.
Tiket menyang mulih, durung olehe ngajak plesir rana-rene ben wong tuwane
seneng, mesthine rak ya ora sithik.
Ning Mbok Rono puguh penemune, ora
tau gelem.
Wiwit cilik dening wong tuwane
biyen, wis diwarah lan dikulinakake gemi lan nastiti. Tawekel nyambut gawe,
urip ora boros, lan ora kulina njajani.
Lan nyatane asile uga katon. Senajan
sawah ora amba, ning merga saking taberine, anak-anak lanang telu ya bisa
ngrampungke S.L.T.A.ne kabeh. Lan ya saka panyuwune sing mantheng lan madhep
mantep kinanthen wani prihatin lan tindak jujur, anak-anake saiki wis mentas
lan cumanthel kabeh, sing bisa disawang wong tuwa.
Prasasat mbok Rono saiki wis silir,
wis ora ana sing dirembug kejaba leladi bojo sing sarwa gampang. Pak Rono
mangane gampang ora rewelan, prasasat nyebrot gegodhongan neng kebon utawa
sawah wae dimangsak wis dadi.
Yen gaweyan ngalas wis rampung
labuh, Mbok Rono neng ngomah santai. Paling-paling yen kayu obonge entek, lagi
neng kebon golek rencek. Lumrah pakulinan ing padesan, bubar mangsak dha sanja
karo petan neng tangga ? bebas ?. ngobrol. Pakeyan apa wae sing tumemplek neng
awak, ora tau ana wong alok utawa nyaru siku.
Mangka pakulinane Mbok Rono angger
wis tapih lurik sing wis buthuk karo kotangan wis bar. Tekan ngendi-endi janji
isih ana kiwa tengene omahe, ya wis ngono kuwi padinane.
Kejaba yen ana dhayoh apa anake
pinuju mulih. Awit dening anak-anake tansah padha diprayogakake supaya
ngulinakake nganggo klambi.
Ning ya kuwi janji, anak-anake wis
padha bali, Mbok Rono bali copot klambi, kotangan kumel karo tapihan
sedhengkul, jarik sing wangune wis dienggo lap.
Pancen, urip neng ndesa pancen luwih
bebas, lan bab karesikan uga mung sak geleme.
Tekan adus salin penganggo, tumrape
Mbok Rono ya mung sak senenge kaya dene tangga kiwa tengene. Sumur ya duwe,
tinggalane wong tuwane biyen. Sumur tuwa lan kawak sing saubenge sumur mung
tinanduran wit-witan bangsane grumbul. Papan kanggo papane nyidhuk banyu mung
diathak-athaki pring, supaya sing nyidhuk banyu nganggo timba ember ditaleni
karo pring bisa slamet ora kejegur. Timbane wae ya nganggo pring, sing ing
sisihe dibandholi watu jenenge timba mau senggot.
Sejatine yen anak-anake padha bali,
wis bola-bali kandha olehe padha kepingin ndandani, syukur-syukur gawe kamar
mandi lan kakus utawa W.C., ning Mbok Rono kereh-kereh ora entuk tembunge :
?Wis ta le, ya ben wae apa anane.
Wingi tinggalane mbahmu biyen ya kaya ngono kuwi, nyatane ya awet nganti
seprene. Wis dhuwite anggonen tuku apa?apa wae neng omahmu. Wong aku karo
bapakmu wis trima kok kaya ngene iki wae, kejaba nek kowe salah siji ana sing
gelem omah neng kene, ya bangunen sak karepmu. Ning nek ora, mbok wis kaya
ngene wae apa anane.? Kandhane anake :
?Mbok, caramu urip kuwi ora sehat.
Adus neng jembangan utawa pengaron kuwi, banyune rak mung sithik, oleh adus
durung resik, banyune keselak entek, hara rak ndadak ngadeg nimba. Seje mbok
nek nduwe kamar mandi njur diisi kebak, aduse tutug, olehe kosokan bebas tur
bisa resik tenen, awak rak dadi sehat.? Mbok Rono gage nyaut :
?Dene ora nduwe kamar mandi,
seprana-seprene aku ya tansah sehat. Tangga-tangga ya ora dha nduwe kamar
mandi, dene ya ora padha lara.? Parmin sing nduwe usul arep gawe kamar mandi
kuwi kandha :
?Mbok tanggane dhewe kuwi carane
mikir mung apa anane, durung gelem padha maju. Mula awake dhewe kudu wani
ndhisiki. Wis ta mbok, mengko aku sing wragat, simbok ora usah ngetokke dhuwit,
ngertine dadi.?
?Ha Min, gawe kamar mandi kuwi rak
ya ngentekake dhuwit yutan ta ?, apa maneh kathik ndadak arep gawe kakus
barang, mbok uwis ta, apa sing wis ana wae, ora usah ndadak gegaweyan sing mung
mbuwang dhuwit.?
?Mbok!, Kang Pardi karo kang Parto
kuwi wis tau kewetu karo aku, olehe dha wegah tilik ngomah kuwi ya merga repot
olehe padha adus lan ana pekiwan. Mosok ta janji arep bebuwang, ndadak neng
kali sing dohe sak kilometeran saka ngomah. Hara nek ngajak anak-anake rak ya
repot ? Mangka jare wis bola-bali kang Pardi lan kang Parjo arep nggawekake
kamar mandhi lan W.C. ning simbok ora tau nglegani, mongko nek bapak ya senang
seneng wae digawekke. Karepmu kuwi piye ta mbok ?? Parmin ngonggo-onggo
ngenteni wangsulane embokne. Mbok Rono sajak ora nggagas karo pitakone anake
kuwi, ubeg ngracik kinang terus diemplok karo nyomak-nyamuk mamah kinang,
tangane nguntel-untel mbako sing arep kanggo susur. Rampung iku tangane
grayah-grayah neng longan nggoleki kecohan kuningan sing rupane nganti wis
mangkak kuwi merga arang-arang dikumbah.
?Mbok!?, Parmin mecah sepi karo
mbaleni pitakone njaluk lilah anggone arep nggawekake pekiwan wong tuwane
kuwi.?
?Piye entuk ya mbok nek aku gawe
pekiwan, ben simbok lan bapak penak lehe adus ??
?Ah ya luweh kono Min, tarah kowe
wis turah dhuwit.? Kandha kaya ngono karo lunga neng pawon daden geni, embuh
arep ngapa. Parmin judheg tenan, ming arep ngepenakke wong tuwa wae kok
ditolak. Arep nekat ora wani, mula let rong ndina ya mung njur pamit bali
mulih, sengadi wis mari kangene karo wong tuwa.
Jroning ati Parmin tetep mbudaya lan
ngulir budi, piye bisane kekarepane mau kaleksanan. Wusana lewat surat,
rerembugan karo kakangne ya Pardi sing ana Jakarta lan Parto sing ana Semarang.
Kekarone setuju banget karo kekarepane Parmin, lan kakangne uga bakal mbantu
sepira enteke wragad nganti rampung, mengko dieyeng-eyeng wong telu.
Manut carane kakangne sing mbarep
Pardi, bapak mbokne bakal diboyong menyang Jakarta kira-kira seminggu. Parmin
dikon mulih terus ngayati gawe pekiwan kuwi. Wektu semono, kamar mandhi lan
W.C. mesthi wis rampung, yen perlu tenagane diakehi. Rancangan dadi.
Pardi banjur kirim layang ngomah
neng bapak mbokne, surasane, bapak lan mbokne kudu teka neng Jakarta, jare iki
mujudake nadar, yen olehe nambah kamar wis dadi arep mboyongi wong tuwane,
dikon nuroni ora ketang seminggu.
Dadi gelem ora gelem, pak Suro kudu
ngajak bojone menyang Jakarta nuruti kekarepane anake kareben luwar ujare utawa
nadare.
Satampane layang saka anake, Mbok
Suro kaya padatan sawise rampung gaweyan pawon sanja petan neng tangga. Jroning
petan mbok Suro kawetu tembunge marang Mbok Wongso, tangga cedhake sing diajak
petan kandhane :
? Dhi Wangsa, nek sida minggu ngarep
aku kuwi rak dijak bapakne neng Jakarta. Pardi duwe nadar nek olehe nambah
kamar wis dadi, kudu aku lan bapakne sing nuroni. Wah piye ya ??
?Wadhuh ? sampeyan arep neng Jakarta
ta yu ?? Mbok Wongso nanjih.
?Iya dhi, lha piye nek kuwi mujudake
nadar utawa ujar rak kudu dilunasi utawa dileksanani. Jenenge ngluwari ujar,?
ngono kandhane Mbok Rono.
?Wah yu, jare neng Jakarta kuwi ora
ana wong tapihan, anane kabeh wong wadon padha nganggo rok utawa kathokan,
mengko sampeyan piye ??
?Iya pa ? wah yen ngono tenan, aku
rak ya susah, mangka aku durung tau-taune nganggo rok, lagi nyawang wae wis ora
seneng. Ketoke kok le mbediding awake sing ketutupan mung sethithik,? kandhane
Mbok Rono.
?Meneh-meneh yu, omongane wong kono
kuwi nganggo basa melayu. Ora ana aku lan kowe ? jare sing ana kuwi lu lu, karo
gua gua, ngono.?
?Jan ? susah ya dhi yen ngono, aku
rak dadi ra bisa srawung karo tangga-tanggane Pardi. Ning ya wis ben, tekan
kana ? ngundher wae ana kamar, Pardi tak penging kandha-kandha yen aku ana
kono.?
?Ngono ya becik, tur mantu sampeyan
bojone Pardi rak wong saka Klathen? mesthine rak ya bisa diajak omong kaya
awake dhewe.?
?Ya kuwi dhi, sing marahi rada ayem.
Ya wis dhi, aku tak bali dhisik, mengko aku tak takon-takon karo kakangmu, wong
dheweke wis bola-bali neng Jakarta.?
?Iya yu, ora luwih aku mung bisa
nyangoni slamet.? Tetemon mau njur dha bubaran. Tekan ngomah Mbok Rono nyedhaki
sing lanang, sing lagi nglinting udud, terus kandha :
?Pakne ?, saupama aku ora melu wae,
ujar kuwi luwar ora ya ??
?Ya kudu karo kowe mbokne, wong sing
kudu nuroni kuwi kowe karo aku kok. Perkara kowe mengko emoh awor aku kaya nek
ana ngomah, gampang ?. Turumu mengko mepet tembok lor ? aku mepet tembok kidul,
butuhe ki rak mung sekamar ta mbokne. Rasah samar nek aku bengi bakal alihan
kaya dhek jaman semono. Kandha ngono pak Sura karo nyawang bojone, sing
disawang njur srongkotan lunga karo kandha :
?Ki ? kaki, mbok wis rasah
ngandhakke kuwi, ben padha dilakoni anak putu sing saiki wis dha gerang-gerang
kuwi.?
Hari H kaya penjaluke Pardi anake,
Pak Rono karo bojone sida budhal neng Jakarta numpak bis. Sewengi sadurunge
budhal, mbok Rono wis ora bisa turu, werna-werna sing dipikir. Gek-gek tenan,
neng kana ora ana wong tapihan kaya dheweke, ora bisa srawung merga ra ngerti
omongane. Wis ta pokoke akeh banget sing digagas. Senajan wis dielikke bojone
ora sah nggawa oleh-oleh sing aneh-aneh, ning Mbok Rono tetep ngrenggiyeg
gawane kaya ta : kacang brol asil panenane, dhele, jadah lan wajik. Maklum wong
salawase durung tau lelungan, dadi ya lucu yen disawang.
Nalika arep mangkat wae merga krungu
critane Mbok Wongso biyen, Mbok Rono takon bojone :
?Aku rak ya tapihan wae ta, pakne
??, wangsulane sing lanang :
?Ha piye ta karepmu, nek ora tapihan
apa arep wuda wae ?, teneh dadi tontonan sing padha numpak bis.?
?Ora ngono, pakne, jare neng kana
kuwi ora ana wong tapihan, jare kabeh racake padha nganggo rok utawa kathokan.?
Kandhane Mbok Rono kaya omonge Mbok Wongso.
?Wis ta mbokne, wong mono mbok apa
anane. Awake dhewe kuwi wong bodho sing sajege ora mambu dhingklik sekolahan,
ya wis apa anane wae. Mung wong mono kudu gelem golek pengalaman, perlune mundhak
kawruhe, ora kebangeten olehe kaya enthung. Mbok Rono meneng wae, ngrumangsani
bodhone.
Wiwit munggah bis, Mbok Rono meneng
wae, semono uga Pak Rono. Dayane bis malam sing lakune banter tur hawane adhem,
Mbok Rono keturon pules sewengi ora nglilir. Ngerti-ngerti digugah bojone
dioyok-oyok :
?Mbokmu tangi !, iki wis tekan
Jakarta.? Karo gragapan pitakone :
?Ha endi, pakne, jare Pardi arep
methuk.?
?Lha ya mudhun dhisik ta, mbokne,
mengko yen wis mudhun rak ketemu.? Bareng wis mudhun, wong loro tuntun-tuntunan
golek nggon kanggo leren, wusana mlebu warung golek wedang anget karo sarapan.
Dhasar weteng ngelih, Mbok Rono ndemenakake olehe mangan. Sega rames sepiring
karo wedang teh nasgithel segelas ? jablas.
Weruh olehe mbayar bojone, Mbok Rono
gumun. Dhuwit limalas ewu sadhodhokan wong loro rumangsa gedhe banget ajine.
Dene yen neng pasar kae, sega gudhangan limang atus sepincuk, wis krasa
nggrenjel neng weteng. Ning mbok Rono meneng wae. Lagi wae metu saka warung,
ngerti-ngerti Pardi wis ngrangkul mbokne saka mburi karo kandha :
?Slamet ta Mbok, Pak ??
?Ya slamet, le.? Ngono wangsulane
bareng.
?Simbok rak ora mabuk ta, Pak ??
?Ora, le, wong mbokmu wiwit munggah
terus turu, nglilire ya wis tekan iki mau njur tak gugah.?
?O ? ya syukur yen ngono, wis ayo saiki
mulih.? Tekan njaban terminal, Pardi marani mobil kijang abang ati, dibukak
njur ajak-ajak :
?Ayo pak, mbok, gek mlebu.? Wong
loro mlebu kijang, Mbok Rono njawil sing lanang :
?Pakne, Pardi kok wis pinter nyopir,
gek iki mobile sapa ya ??
?Lha ya duweke dhewe mbokne, wong
aku rene sing dhisik kae wis duwe kok.? Wangsulane bojone ngglayem. Mbok Rono
saya gumun, dene anake kok ora tau crita yen uripe wis ngglenter neng paran.
Sarehne omahe ing dhaerah pinggiran, mula pas byar esuk lagi tekan ngomah.
Mobil mandheg ing ngarep omah loji
cekli, banjur padha mudhun lan mlebu. Gumune Mbok Rono saya ndadi, bareng weruh
omah lan perabotane anake sing sarwa becik. Rini bojone Pardi, gupuh-gupuh
ngacarani maratuwane kanthi basa jawa mlipis. Ora suwe wedang susu lan roti
sing mentas dientas saka loyang disuguhake. Wong papat karo Rini padha wedangan
bareng. Suwasanane gayeng, Mbok Rono anane mung seneng. Sawise padha wedangan,
bapak lan mbokne dituduhi kamar sing mentas wae digawe, ya kuwi sing penjaluke
Pardi, kudu dituroni bapak lan mbokne. Bareng wis mlebu kamar, Mbok Rono kandha
bojone :
?Pakne dhipane kok mung siji ?, lha
kowe turu ngendi ?.?
?Gampang aku mengko tak njupuk sepon
saka nggudhang.? Wong loro banjur padha lungguhan neng kamar kono
omong-omongan.
Tan kocapa, Mbok Rono krasa wetenge
mules tandha yen arep bebuang, mula banjur nggoleki Warni mantune kandha apa
anane. Karo Warni banjur diajak neng W.C. sing closete dhudhuk kuwi. Sawise
dikursus kilat carane nggunakke, Warni njur metu, genti Mbok Rono sing ijen ana
W.C.
Sawise ingak-inguk sedhela, njur
mapan lungguh. Bareng bokong sumeleh ing closet krasa anyep, sak nalika sing
ana njero, sing mau rasane wis keri mbrojol malah macet, isin ayake. Nganti
suwe Mbok Rono anggone lungguh ing closet, ning sing arep ditokke ndhendheng
emoh metu, sidane njur malah dadi ora krasa.
Mbok Rono njur klithih-klithih metu,
atine susah. Durung nganti rong jam wis krasa maneh. Kaya sing uwis, Mbok Romo
mlebu W.C. kaya mau, ning panggah kaya sing dhisik, sing ana njero emoh metu.
Atine jan judheg tenan, wusana
ngungak gudhang, weruh tas kresek bekas, neng dhus njur njupuk digawa mlebu
W.C.
Metu saka W.C. rumangsa lega, karo
nguntel-untel tas kresek kuwi tumuju ing bak sampah pojok mburi omah. Bareng
wis mbuang tas kresek ati rasane wis plong.
Nganti wis genep seminggu Mbok Rono
lan bojone neng omahe anake. Dina sing kaping wolu ing komplek perum, ana asu
kerah rame banget ing mburi pekarangane Pardi, nganti wong-wong padha metu.
Bareng ditliti bak sampah kuwi wis
sepasar ora dijupuk karo petugas kebersihan, kelalen ayake, wong olehe seleh
ana mburi pojok omah.
Bareng wong-wong padha metu, jebul
asu-asu kuwi wis dha ngewer-ewer plastik isi jerowan weteng wong, sing ambune
nggundheng ora nguwati.
Wong-wong padha gumun, gek sapa sing
mbuwang, wong kabeh padha ngerti yen pendhak omah wis padha duwe W.C. Rini sing
keri dhewe niliki kaget, bareng weruh plastik tilas wadhah sepatu sing lagi
sepuluhan dina anggone tuku, kok wis isi kaya ngono ana bak sampah.
Batine njur mesthekake, yen plastik-plastik
sing diewer-ewer kirik kuwi mesthi pokale maratuwane, ning ya meneng wae,
mundhak maratuwane isin. Pak lan Mbok Rono ya ngerti, lan Mbok Rono ya
ngrumangsani yen kuwi duweke, ning ya meneng wae, bathine krasa wedi lan isin
banget.
Bengine Mbok Rono nggejret sing
lanang njaluk bali dina sesuk, alasane wis kliwat seminggu ana Jakarta. Anak
lan mantune wis ora bisa nggondheli kekarepane mulih, wusana Pardi ngeterke
Bapak lan Mbokne tekan stasiun, numpak sepur sing esuk dhewe budhal.
Ana ndalan ora kacarita, medhun saka
sepur njur numpak andhong, antarane sak jam tekan ngomah. Lagi mudhun saka
andhong, Mbok Rono durung mlebu ngomah, ning malah mlayu neng iring omah. Tekan
ngisor dhapuran pring, ing tengahing grumbulan wit midra, Mbok Rono nyincingke
tapihe. Durung wae rampung olehe mapan ndhodhok, sing ana njero weteng selak
kesusu mbradhat metu, merga olehe ngampet wis wiwit awan mau. Layak nalika
mangkat wis emoh sarapan, neng sepur uga emoh jajan, mesthine kuwatir bab siji
kuwi, sing neng Jakarta wis gawe wirang.
Mbok Rono lan anak-anake dhek isih
cilik, pancen ya wis kulina ngono kuwi, mula yen lungguh ana closet malah ora
metu. Ya kaya ngono kuwi mau, bali neng pakulinan ing saben dinane sing
sejatine kuang becik, lan ora prayoga mungguhing kasarasan.
Bareng esuke lagi ngerti, yen mburi
omah wis digawe kamar mandi lan kakus dening Parmin, sing mulih nalika bapak
lan mbokne budhal Jakarta. Ning saiki Parmin wis bali neng Surabaya, budhale
lagi mau esuk. Wiwit saiki mbok Rono gelem ora gelem, kudu ajar adus lan
bebuwang sing mapan, sing kabeh mau karepe anake demi kasarasan.
?Tamat.?
1 komentar:
Kepiye uripe ing desa?
Posting Komentar