CARANE NGGANCARAKE TEMBANG
Ukara gancaran iku dapukane kudu kaya ukara lumrah,
yaiku ukara kang kanggo guneman padinan. Supaya gatra-gatrane tembang bisa dadi
ukara lumrah kang ora wagu, Manawa nggancarake tembang ngelingana
pituduh-pituduh ing ngisor iki:
- Ukara-ukarane tembang kang iketane nganggo wewaton baliswara kudu diudari. Lire : dadine gancaran, dapukaning tetembungane kudu diwalik.
- Yen ana tembung kawi kudu dijawakake yaiku diganti tembung lumrah. Luwih-luwih yen tembung Kawi iku ora tau keprungu ana ing pasrawungan padinan.
- Manawa ana tembunge garba utawa tembung sandi, garbane kudu diudari.
- Samangsa prelu kanggo nglarasake ukara, supaya aja nganti dadi ukara gancaran sing wagu, kena mbuwang utawa ngimbuhi tembung-tembung sawatara. Mangkono uga kena ngilangi utawa muwuhi ater-ater utawa panambang, Manawa pancen prelu.
- Pada-padane endi sing kudu pada koma, titik, titik-koma, titik loro, pada pakon lan pitakon, pambuka lan panutup, kudu manut wewaton panganggone pada ing ukara-ukara gancaran.
Tuladhane
upama nggancarake tembang Pangkur ing ngisor iki :
Eman-eman
para muda
Lamun
tanpa sastra kagunan sepi
Nadyan
darbe rupa bagus
Tur
sugih busanarta
Nanging
lamun tanpa sastra rai samun
Sekar tepus saupama
Amrengangah
nora wangi
Dadine
gancaran, upamane mangkane :
Eman-eman
Manawa wong nom nganti wuta ing sastra lan sepi ing kagunan. Sanajan darbe rupa
bagus tur sugih rajabrana pisan, Manawa wuta ing sastra, raine mesti kujem.
Pepindane kaja kembang tepus, yaiku : warnane mrengangah endah, nanging gandane
ora wangi.
Tuladhane
maneh :
Maskumambang
- Gereng-gereng Gatutkaca sru anangis sambate mias-arsa luhnya marawayan mili gung tinameng astanira.
- Daringakan mulat nganan mulat ngiri ngulati arinya kang wus kelem jroning warih sakedap-sakedap guritna.
- Gogoh-gogoh tanapi siulup ing warih sarwi gung udrasa sesambatira ngrerintih duh-duh adhuh ariningwang.
Dadine
gancaran
Gatutkaca
nangis seru agereng-gereng, sesambatipun melas. Luhipun mili dleweran, tansah
dipun tadhahi ngangge tanganipun.
Piyambakipun daringakan (lingak-linguk) noleh ngiwa-nengen, madosi adhinipun
ingkang sampun kumelem (ing toya). Guritna sakedhap-sakedhap gogoh-gogoh
kaliyan slulup sarwi (tansah) nangis. Sesambatanipun memelas sanget : adhuh
adhiku, adhiku!
Pitakon
:
Kepriye
beda-bedane : nggancarake, njawakake lan njarwakake?
Mangkene
:
Nggancarake
ngganti dhapukaning ukara-ukaraning tembang dadi ukara gancaran utawa ukara
lumrah (Inodonesia : puisi dadi prosa). Njawakake iku ngganti tembung (ukara,
carita) basa manca (saliyane basa Jawa) dadi tembung (ukara, carita) basa Jawa.
Njarwakake iku ngganti tembung ukara, carita basa Kawi utawa basa Jawa Kuna kalebu basa Sanksekerta, dadi tembung ukara
carita anyar.
Prelu
disumurupi carane njarwakake iku ana werna telu yaiku: njarwa basa, njarwa rasa
lan njarwa dhosok. Tuladhane, kayata carane njarwakake tembung sindur.
- Njarwa basa : sindur = warna abang lan putih (kretas utawa barang sembet) dianggo bebarengan, lumrahe dianggo slempange panganten priya utawa dianggo rerengane tarub. Ing jaman saiki sok dianggo prajurit kang kabener nindakake kuwajiban piket).
- Njarwa rasa : sindur = warna abang lan putih, ing jaman biyen dianggo slempang panganten lanang ngemu surasa pralambang wijining urip. Warna abang wijining biyang (panganten wadon), warna pethak wijining bapak (panganten priya).
- Njarwa Dhosok : sindur = (rerenganing tarube wong mantu awarna abang putih) isin mundur. Wong nduwe gawe (mantu) ditembungke ewuh, marga pancen akeh ewuh pakewuhe. Nanging sanajan kebak ewuh pakewuh utawa rubeda kang ngreribedi olehe mantu kudu terus kudu rumangsa isin Manawa ngantu mundur (wurung).
0 komentar:
Posting Komentar