Geguritan Jawa


Kaleng bekas

Kosong lan ora guna
Dibuang ditendang
Dadi runtah
Runtahe wong sugih
Bisa dadi guna
Yen dicekel tangan-tangan cilik
Tangan-tangan cilik jejaluk ning dalan
Ngatik kaleng bekas
Kaleng kang bisa dadi duwit
Duwit kanggo panguripan
 
Mendung
Langit peteng dedet
Angin sumilir
Hawa atis nyamber
Nandake udan teka
Awan katon peteng
Srengenge ketutup mendung
Mendung kang niba udan

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar