MENDHUNG KASAPUT ANGIN
Kadarwati biyasa diundang Darwati,
kenya ayu manis, lembah manah merak ati. Putri pembarep Bapa/Ibu Hadi Wiyoto kang pidalem ing Ngayogyakarta(Yoja). Anuju
sawijining dina Bapa/Ibu Hadi karawuhan sedulure kang daleme Betawi(Jakarta)
kang asmane Bu Soma, lan putrane
kang asmane Sumadi. Wis sawetara
suwe, bu Soma ora nate tilik menyang Yoja. Mula ora heran menawa paling marang
Darwati, kang saiki wis dadi prawan kang merak ati. Semono uga Sumadi barang
sumurup Kadarwati atine wis ora kena disemayani maneh malah banjur nyuwun
dilamarake.
Kadarwati
atine susah banget, barang dijarwani bapak lan ibune, menawa dheweke dilaamar
Sumadi, lan bapa ibune nyetujoni. Darwatai durung tepung Sumadi kanthi becik,
durung ngerti wateke. Bubar sepasaran manten, Kadarwati diboyong menyang
Betawi. Saking bangete anggone mikir, Darwati lara telung sasi. Sumadi pinter
anggone nglelipur. Suwe-suwe atine Darwati bisa luluh.
Sawise
rong tahun ngomah-omah Kadarwati keparingan momongan kang banjur dijenengi Satriyo. Srawunge Darwatikaro ibu-ibu
ing kampung kono uga banjur katon tambah guyub. Salah sawijining ibu, kang
kalebu rumaket banget srawunge karo Darwati, kang asmane bu Guritno. Bu Guritno asring dolan omahe Kadarwati seperlu ajak
masak , dene kadarwati sok dolan menyang umahe bu Guritno. Nuju Kadarwati dolan
menyang daleme bu Guritno, kadarwati ditepungake marang rayine ipe bu Guritno kang
asmane Sulistyo.
Nalika
semana, wis limang tahun lawase Kadarwati dadi garwane Sumadi, putrane kang
arane Satriyo wis umurv telung tahun. Ewah sak mono naika darwati ing daleme bu
Guritno lan banjur pitepungan karo Sulistyo, ana rasa aneh kang salawase durung
pernah dirasakake. Pikirane goreh, atine tab-taban, senajan wis ditata atine
pariksa ora bisa jenjem. Sajake rasaning atine Sulistyo ora beda karo Darwati.
Ketarane kerep bae sulistyo sering dolan marang umahe Darwati yen pinuju Sumadi
nyambut gawe. Sumadi ngelingake marang Kadarwati yen bab mangkono kurang becik
tumrap wong kang wis bebrayan.
Sawijining awan
Sulistyo dolan meneh menyang nggone Kadarwati, Sulistyo kandha menawa dheweke
wis olih gawean dadi penyiar berita ing jawaran radio. Sulistyo uga kandha yen
dheweke kepengin omah-omah karo Darwati. Ngerti-ngerti sulistyo wis ngrangkul
dheweke. Ing tengah lawang Sumadi
nyumurupi kadarwati kedadean iku. Sulistyo lan darwati padha nglengganani
lupute, Nanging Sumadi ora bisa nampa alesane Darwati.
Sidane Kadarwati omah-omah karo Sulistyo. Kulawarga anyar
iku nyewa papan prasaja ing Kamayoran. Jaman samana meneri penjajahan jepang
kang banget kejeme. Larang sandang larang pangan. Sulistyo uga dadi tukang
cathut. Sawetara kuwi Kadarwati wis mbobot. Ndungkap wayahe Kadarwati
nglairake, jabang bayi lahir wadon kanthi slamet, kang pirang dina bapake Listi yen mulih saka
gawean wengi.
Kanthi ora sengaja Darwati weruh kathoke bojone sumampir
mburi lawang. Saiba kaget Darwati , jalaran ora nemu dhuwit kang diarep-arep
kena kanggo nambani anake, nangig nemu layang. Kanthi ati tab-taban layang
diwaca dening Kadarwati. Layang mau saking Patiningsih,
katujokake marang bojone. Isinne ngandhakakeyen Patiningsih wis mbobot rong
wulan amarga pangartine Sulistyo yah bojone.
Sulistyo utawa Listyo nguwuh-uwuh njaluk rilane Darwati
supaya glem ngapura marang dheweke. Listyo janji arep ngijabi Patiningsih mug
kanggo njaga jeneng bae. Sauwise anake Patiningsih lahir Listyo arep megat
Patiningsih lan tetep dadi sisihane Darwati. Nanging Darwati wis kebacut peteng
atine. Alesane listyo ora bisa diampa.
Esuk-esuk Kadarwati lunga saking omah gawa anak lorone.
Dene ancase Darwati kang temenan, dheweke arep menyang daleme tepungane lawas
ing pisangan lama asmane ibu Onggo. Tekan uahe bu Onggo, omahe katon sepi tur tutupan. Saiba kaget Darwati, nalika weruh
kang mbagekake dheweke sawijining priya enom, gagah asmane Bagaskoro keponakane
bu Onggo.
Singkate Cerita bu onggo lan Bagas koro akeh bantu
kadarwati. Barang lumaku jaman, ngerti-ngerti umure Kadarwati wis ndungkap 42
tahun. Senajan rambute wis nyambel wijen, nanging ayune isih katon cetha.
Satriyo wis dadi jaka gagah, kuliah ana ning fakultas kedokteran tingkat pungkasa. Dene Sulistiyowati, kang
pancen ya Sulistyo tenan kaya ibune, kuliyah ing sastra prancis lagi mlebu
anyaran. Bagaskoro wis pangkate brigjen. Srawunge karo Kadarwati tetep apik.
Malah bocah-bocah olehe padha kuliah, saperangan uga awit pambiyantune
Bagaskoro. Satryo lan Listi jare wis pada duwe sir-siran. Sawijining wektu,
satriyo lan Listi diundang pesta ulang tahun pacare satriyo kang arane Susi. Bar bocah-bocah pada mangkat pesta
Sulistiyo teka umahe Kadarwati.
Nganti sawetara waktu Sulistyo ana nang kono, nganti
bocah pada mulih saka pesta. Bocah-bocah pada gumun dhene pak Dokter Sulistiyo
piyayi gede bapake Susi kok ana kono, malah wis sajak tepung banget marang
ibune.Wasana Kadarwati nerangake sapa sajatine Sulistiyoiku. Kaya apa kaget lan
bungahe Listi, kang nganti semono gedene durung tau weruh bapake. Ora krasa
lumakune wektu, Satriyo wis lulus saiki dadi dokter. Listi ya meh lulus kuliah.
Kadarwati lan Sulistiyo mbalik meneh dadi bojo, uripe bahagia, akeh dunya lan
ora kekurangan apa-apa. Wong tuane Kadarwati sing ana nang Yoja di gawa menyang
jakarta. TAMAT.
0 komentar:
Posting Komentar