Pangrasa Marang Endahing Basa



 PANGRASA MARANG ENDAHING BASA

            Wong kang kasinungan pangrasa landep marang endahing warna, bisa ngrasakake asrining sesawangan. Manawa wong mau mlebu ing patamanankang tinanduran kekembangan maneka warna kanthi becik pasang-rakite. Saupama pasang-rakite patamanan mau ana kuciwane, bisa nuduhake kepriye murih prayogane. Dadi, bisa nglairake panyeda lan uga bisa asung pamrayoga.
            Wong kang nduwe pangrasa landep marang endahing warna, bisa milih kang mungguh tinunggalake karo warna liya,supaya dadi lan endahe, ngresepake pandulu. Mangkono uga pamilihe panganggo kanga rep ditrapake ing awake, adate ya bisa matuk; bisa milih warna kang prayoga tinunggale karo warnaning kulite dhewe. Beda karo wong kang ora kasinungan pangrasa landep marang endahing warna utawa sesawangan, tarkadang milih sandhangan kang mungguh (mathuk) ditrapake ing awake dhewe bae gampang klirune. Yen arep  gawe sandhangan, bisa uga mimih bahan sing awarna sarwa tumlorong akinclong-kinclong, marga darbe pangira Manawa warna sing mblerengi iku warna sing endah.

  •  Wong kang kasinungan pangrasa landep marang edi penining gambar, bisa ngrasakake kaendahing gambar, manawa ndeleng gambar kang pancen endah. Bisa ngreti marang gambaran kang urip lan kang ora, gambaran sing salah lan sing bener. Bisa ndumuk cacade gambar kang dideleng, manawa mula ana cedane. Nanging tumrap wong sing tanpa pangreten ing atase bab endahing gambar sing rame pulase lan warna-warna cete, tur sing sarwa kandhel tapake.

  •  Wong kang nduwe pangrasa landep marang adi-luhunging kagunan karawitan (gending), bisa ngrasakake (Indonesia: dapat menikmati) bab adi-luhunging kagunan karawitan iku. Bisa krasa Manawa krungu gending kang blero larase. Mangkono uga Manawa ana gending kang oncat saka patete utawa kerikaten  iramane. Kosok baline wong kang sepi ing pangreti marang babagan kagunan karawitan, bisa uga ngira Manawa adiluhunging  gending iku dumunung ana ing ramene. Angger rame, embuh larase blero utawa ora, embuh nglungguhi patete utawa ora, waton rame mergo seru panabuhe,  ya kuwi sing endah.

  • Wong kang kasinungan landep marang kasusastran, sanajan dudu pujangga, mesti bisa ngrasakake endahing basa. Bisa ngronjal atine samangsa krungu utawa maca ukara kang kau-wagu. Bisa njingkat mnawa krungu tembung kang ora mapan trape. Manawa kang dikrungu utawa kang diwaca iku kasusastran kang sinawung ing tembang, bisa krasa pada sanalika samangsa ana gatra kang ora trep guru wilangane utawa kliru tibaning dong-dinge utawa guru lagune.

Ing jaman saiki arang-arang wong jawa kang kasinungan pangrasa landep marang endahing basa Jawa, sanajan iku basane dewe, kasusastrane dewe. Luwih-luwih ing kalangane para muda. Akeh para muda ing jaman saiki sing “landep dengkul” pangrasane marang endahing kasusastrane dewe, yaiku kasusastran jawa. Apa maneh kasusastran sing sinawung ing tembang, saya adoh maneh. Aja maneh ngrasakake endahing bisaa, salagine marang tembang macapat bae, akeh sing ora ngerti. Marang tembang gede lan tengahan, saya adoh maneh. Apa sababe dene ing jaman saiki saya akeh para muda sing “ora weruh marang Jawane ?”
Sanajan wes mesti bae ana sababe warna-warna, nanging yen dipetani temenan, sabab sing premati dewe, sabab para muda akeh sing during ngerti Manawa kasusastran Jawa iku ora kalah endah marang kasusastran liya. Ora ngerti, marga during srawung, malah tarkadang tepung wae durung. Manawa para muda gelem tepung lan gelem srawung karo kasusastran Jawa luwih-luwih yen bisa raket, mesti bakal ketuwuhan rasa tresna. Ya rasa tresna iku sing bisa nggugah para muda dadi gumregut pada nggegulang nggilut marang kasusastran Jawa.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar