Novel "Kumpule Balung Pisah"



KUMPULE BALUNG PISAH
Bapa/Ibu Sastra Sudira iku iku peputra papat karo ibu Sastr kang sepisanan. Dene putrane yaiku Darminah, Darmono, Darmini lan Darmanto. Duwe rewang namane mbok Nem. Pak Sastra iku ngsta ing kantor Pemerintahan Wirosari. Nalika mbok Nem ndrek pak Sastra putrane esih cilik-cilik uripe ayem tentrem, senajan gajine pak Sastra sethithik kena kanggo wragad sekolah lan kebutuhan kaluargane. Kabeh mau kasangga kanthi narima lan sabar.
Nalika Darminah kelas 5 SR lan Darmono ya SR, dene Darmini 5 tahun lan Darmanto lagi 3 tahun, mbok Nem pisahan karo pak Sastra amarga katut priya liya. Sak pungkure mbok Nem, Kelurgane pak Sastra nandhang ruwet. Putra-putrane ditinggalake pak Sastra kabeh. Wektu kuwi umure Darminah lagi sewelas tahun. Kudu wis ngganteni dadi jejering ibu kang kudu ngrumati adhi-adhine. Senajan oleh rewang anyar maneh aran mbok Diyah, nanging ora kaya mbok Nem sing tansah gemati. Mbok Diyah seneng ngoso lan milara putra-putrane.
Gandheng mbok Diyah wateke kaya mangkono, didukane pak Sastra banjur pamit mulih. Darminah lan Darmono balik tambah tanggung jawabe ngrumati adi-adine. Pak Sastra banjur omah-omah maneh. Kangkah supaya ana sing ngopeni putra-putrane. Malah kosok balen karo kang dikersakake pak Sastra, bocah-bocah kerep didukani lan tumeka dipilara pisan.
Rasa kuwatir keganasan ibu kuwalon ing cerita, saiki nyatane dialami Darmono putra no loro. Rumangsa wis ora kuwat banjur nggeblas tanpa pamit wong tuane, ing pangangkah arep nggoleki ibune. Anak lan bapa sering diadudoma daning ibu walon.
Ana dhokar mandheg ngarep umah. Jebul tamune pak Noto Sudirjo kangmas lan mbakyune sing saka bu Sastra ndhisik (ibune Darminah) kang ngsta dadi mantri pajag ing Makasar. Darminah isih duwe bapa tuwa, kamase bapake kang ngasta ing Jawatan Pemerintah Bandung. Bareng perlope pakdhene wis arep entek lan arep kondur, putusane Darmini lan Darmanto kagawa. Dene Darmantra mengko bakal kaampirake ing Bandung kandherekake pak gedhe Wiro.
Darminah sekolah SMP ora bisa lulus lan ora nerusake sekolah meneh. Dening ibune arep jodhokake karo Harjono anake Joyokartika saudagar kaya lan sugi. Nanging Darminah nolak amarga wis duwe pacar aran Akhmadi calon inspektur pulisi, tinkahe becik. Beda karo Harjono  kang ora duwe gawean lan seneng ngegungake badhane wong tuane. Bareng Akhmadi rampung sekolah lajeng mantenan karo Darminah.
Darmanto arep goleki wong tuane lan sedulur-sedulure. Barang kira-kira wis tekan kampung lan pekarangane jeep diendhahake. Kanthi ingak-ingok marga kahanane wis beda lan owah kabeh. Darmata ketemu kalian pak Sastra banjur pada tetangisan. Darmata wis duwe serseran ati kan aran Sundari.
Daleme Inspektur Akhmadi tambah reja, marga kumpule Darmono. Ing wayah sore Sundari lan Sumarti (kancane Sundari sapondokan) asal saka Semarang dolan menyang daleme Minah. Nyeritakake wiwit kenal sepisan karo Darmono. Ing wayah sore Darmanto lan Sundari mulih saka nonton bioskop. Inspektur Akhmadi durung kondur. Sundari kerungu menawa Sundara kuwi sing nyulik bocah Semarang. Banjur Sundari gemeter eluhe ora bisa diampet. Sundari ngakoni marang Darmanto lan Darminah menawa Sundara kuwi sedulur lanang tuane.
 Sundari banjur nyeritakake wiwit isih cilik bapak ibune pisaah. Sudara melu bapake sing kumpulane wong sing ora bener. Barang gede Sundara melu ibune marga bapake wis ora genah parane. Nanging Sundara wis ora bisa didandani.
Darmanta pn ketekan tamu yaiku ibune Sundari. Lan Inspektur Akhmadi uga pn ketekan tamu yaiku Inspektur Yoyo lan Nanik. Darmanto age-age mapagake tamune. Tekan jero ngomah Darminah arep ngancani tamune banjur padha njegreg, sakkal gapyuk terus padha tangis-tangisan. Tamune iku idune dhewe. Pak Sastra banjur metu kepengen ngerti ana apa teka rame-rame. Bareng weruh tilas bojone biyen pak Sastra banjur prebah-prebah nangis. Bu Sastra nyritakake menawa Sundara lan Sundari kuwi anake. Dene Sundara rusak kaya bapake.
Lagi lerem anggone padha tangisan, Akhmadi teka karo tamune Inspektur Yoyo lan Nanik. Barang weruh sapa kang ana kono banjur padha tangisan meneh. Inspektur Yoyok iku Darmono dene Nanik iku Darmini. Darmini utawa Nanik (Mini) cerita menawa wiwit cilik wis ditinggal seda pakde lan budhene nganti ditulung piyayi. Darmono uga nyeritakake dene dheweke lungga saka umah uripe nang rumah yatim Muhamadiyah. Ing kono banjur disekolahna inspektur kepulisian. Dene saiki jenenge Darmono. Sidane Darmanto ora dadi calon sisihane Sundari. Dene keluarga pak Sastra kumpul meneh uripe tentrem.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar