Sinopsis Novel "Wis Ora Djman'e Kawin Paksa"



Wis Ora Djaman’e Kawin Peksan

Judul               : TRESNA TOH PATI
Karya              : ANY ASMARA
Penerbit           : USAHA “KAWAN” CV
Tanggal terbit  : 15 Djuni 1962
Tebal               : 38 halaman

Piyayi kuna kuwi jen arep ndojokake anake nganggo dipetong disik. Neptune dina pasaran botjah lanang lan wadon dietung, digunggung, bandjur dipara-para jen tinemu ala ora sida digatukake. Saiki djamane wis madju, petungan kuwi ora mesti benere. Sing arep nglakoni kuwi botjahe, jen anadudu wong tuwane, mula jen ana tindak sing peksan kaja mengkono, kuwi klebu tindak kleru.
Achmad, pengarang muda, sugih tjrita, sugih kasusastran kang edi, peni, luwes, nganti bisa gawe sengseming para maose kabeh, nanging dheweke miskin katresnan nganti nemahing pati merga dajaning kawin peksan. Dheweke gandrung katresnan kalijan R. Adjeng Uminarsih, dene Uminarsih uga mengkono, ananging wong tuwane ora setuju amarga petunganing dina pasaran ora tjojok. Pungkasing Uminarsih didjodohake kalijan wong lanang kersaning rama. Ati sedih kang dirasaake Achmad ora bisa dilipur kanggo apa bae, dheweke nyoba lungo plesir menyang Semarang, ton-tonen tjitrane Uminarsih tetep ora bisa ilang. Nganti sawidjining wengi Achmad tekan sangarepe omah kang lagi duwe gawe, embuh omahe sapa ora weruh. Bandjur mandeg saperlu arep ngrungoake krontjong. Bareng weruh penganten sarimbit metu, dheweke kaget, ora njana jebul Uminarsih, awake ora kuwat bandjur tiba semaput. Dheweke digotong menjang jero omah, bareng wes sadar Achmad krasa isin lan kepengen menyat mulih. Bareng metu saka kamar, ing djobo wis ana Uminarsih, bandjur Uminarsih menehi lajang kang tekan ngomah bandjur dak watja karo Achmad, surasane Uminarsih dadi penganten kuwi ora merga blendjani djanji karo Achmad dhisik jen arep urip bebarengan, ananging amarga kersaning rama kang ndjodokake kalijan Dokter Trenggono. Katimbang urip saben dina mung tansah ginoda ing rasa tresna bae, aluwung mati. “Mas, pandjenengan dak enteni ana ing ngareping lawang kasuwargan.”, panutuping lajang Uminarsih. Uminarsih bali ing pangajunaning Pangeran djalaran ngombe ratjun.
Let telung dina saka kedadejan kuwi Achmad krungu kabar Uminarsih wes bali menjang ngarsaning Pangeran. Saja krasa remuking ati Achmad, dheweke mlebu rumah sakit nganti pirang-pirang wulan ora bisa mari, malah kang ana saja ora guna. Awit tiba mangsane Achmad wes ngrasa bener ora kuwat, dheweke pesen kaliyan Any jen sakpungkure dheweke, kon gubah sakabehing lelakone dheweke, dadekne tjrita saperlu kanggo katja benggala tumraping masarakat kang iseh kelu ing panganggep kuna, bisaha didandani, kudu melu enuting djaman, dadi ora kaja lelakone dheweke. Any anamung mangsuli “Insya Allah”. Let sepasar Achmad sida bali menjang pangajunaning Pangeran.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar