CILAKA
Desa Salem Gunung Kidul, desa kang
subur makmur. Apa wae sing ditandur pasti tukul. Kepala Desa Salam kang asmane
Pak Tiwan, bisa gawe desa iki tentem ora ana maling lan bisa gawe rukun kabeh
warga. Pak Tiwan dihormati ing dusun, amrga wonge kang sering bantu wong sing
lagi kesusahan. Pak Tiwan dadi panutan warga Dusun Salem. Ibu lurah kang asmane
Bu Yati. Pak Tiwan duwe anak 3 kang asmane Sinta, Ageng, lan Adi. Sinta kuliah
ning Jogja semester lima, adine sing loro tembe SMA kelas loro lan SMP kelas
Telu. Keluargane Pak Tiwan dadi panutan kelurga-keluarga laine, amarga rukun
lan jarang ana masalah.
Saben dina Minggu ana kerja bakti
warga, bapak-bapak pada reresik solokan lan ibu-ibune masak kanggo dahar
bareng-bareng sakdusu. Sing laine pada reresik solokan nanging Pak Nasip teka
awan lan langsung nyedaki Pak Tiwan amarga ana keperluan.
“Pak
ngapunten kula telat”
“Oh
yak pak nasip ora papa, nang endi wae tembe ketho? Pak Nasip jarang melu ronda”
“Enggih
Pak Kula wonten urusan, Kula nginep teng Dusun Banja. Pak Lurah sedereke kula
bade pindah ing dusun niki, pripun ngurus surat pindahe nggih pak?”
“Ya
kowe kudu gawa KTP lan gawa sedulurmu mara menyang omahku mangko sore tah Sip”
“Enggih
pak mangke sonten, kula mriku”
Sak
bubare reresik dusun, kabeh warga pada dahar sesarengan ing omahe Pak Lurah.
Sore kira-kira jam 4tan Pak Nasib mara ning umahe Pak Lurah karo Ponakane.
Ponkane Pak Nasib umahe ing Jakarta nanging meh pindah ing dusun amarga wis
dicerai karo bojone.
“Pak
Lurah niki ponakan kula asmane Dewi”
“Ponakan
mu ayu sip, Monggoh mb pinarak riyin.”
“Ya
jelas ayu tah pak, wong ome wae ganteng kaya iki”
Ponakane Pak Nasib iku ayu lan gawe
bapak-bapak ning Dusun Salem pada heboh. Apa maneh Dewi kuwi rangda anyar saka
Jakarta. Dewi kulite putih, rambute luruh lan ireng, pakeane ora kaya wong
desa.
Pak lurah cedhak karo Sinta, anak
kesayangane iku saben sasi balik ngomah. Sinta kaya bapakne ramah ning kabeh
warga nanging lan sifate luwih dewasa saka umure. Yen wayah liburan semester
sinta ngrewangi gawean bapakne ing kelurahan. Nanging Sinta wulan iki durung
mulih omah wis 3 sasi, amarga nangung seminggu meneh meh ujian akhir.
Pak Lurah mangkat kerja kaya
biyasane, pamit karo Bulurah. Pak Lurah dina iku ngatik batik coklat keto
gagah, amarga uwonge sing gede duwur lan putih. Ning baledesa wis ana Dewi sing
ngenteni Pak Lurah wiwit esuk. Dewi minggu iki sering bolak balik ning baladesa
ngurus KTP. Alasan sing kaya mangkana sing gawe Dewi karo Pak Lurah nambah
akrab. Randa anyar iku kaya-kayane kesemsem karo Pak Lurah, kelakuane sing
manja ora kaya warga liya-liyane. Kadang ya ana omongan sing ora enak
dirungokake, nanging Bu Lurah tetep percaya karo kesetiane bojone.
Suwe-suwe kesetiane Pak Lurah ya ora
bisa obah, gal dina ketemu rangda kaya Dewi sing ayu dadi kembang desa. Pak
Lurah meneng-meneng sering dolan menyang omahe Dewi. Pak Tiawan sering
beboncengan karo Dewi, warga desun wis ora heran amarga Pak Lurah cedhak karo
kabeh wargane, nanging Bu Lurah wis ngira-ngira bojone iku lagi kepincut karo
randa ayar.
Wayah liburan semester teka, Sinta
balik menyang omah. Sinta biyasane dipetuk bapakne nanging dina iki Pak Lurah
ora bisa jemput anake amarga ana rapat kelurahan. Sinta balik numpak ojeg,
nanging ing dalan Sinta kaya weruh bapake boncengan karo wong wedon. Mlebu omah
Sinta tutur karo Ibune, apa sing mau diweruh ing dalan.
“Bu
kula wau mirsani bapak boncengan kalih tiang estri”
“Koe
weruh nang endi ndo?”
“Gang
Prapatan ngarah Kota bu. Bapak bojengan kalih sinten bu, kula mboten semerep
kalih tiang estrinipun?”
“Ya
jelas koe durung tau weruh ndo, iku randa anyar sing nembe pindah 2 wulanan”
Bu Lurah ceritana kabeh kedadean sing lagi ana
ing desa iki. Bapake lagi kena kasus ning desa, merga Bapake lagi kesemsem
rangda. Warga ing Dusun Salem lagi pada panas-panase ngomongi kepa desan sing
selingkuh karo rangda. Nanging Sinta ora percaya gosip tentang bapakne.
Pak Lurah teka omah bar-magrib. Omah
sepi merga pada sembayang margib. Pak Lurah teka omah langsung turu. Sinta sing
weruh bapake ora sembayng langung nggugah bapake, nanging jawabane wis
sembayang ning masjid. Anak-anake Pak Tiwan pada jejangongan ning arep omah,
nanging Adi keto lesu kaya akeh pikiran.
“Kowe
kenapa di?”
“Mb
Sinta empun mireng gosip bapak?”
“Oh
ya mb wis krungu di. Emang kenapa tah?”
“Menika
leres mboten nggih mb, kula kepikiraan kalih Ibu terus. Ibu saben ndalu nangis
ing kamar kiyambekan mb”
“Masa
di? Menurute mb iku ora bener, paling saingan politike bapak sing gawe berita
kuwi”
“Apa
mb? Mb Sinta ora weruh bapak wis ora kaya biyen maneh, aku weruh ibu dikaploki
bapak mb, ibu mung bisa nangis. Nanging Ibu ora wani ngomong terus terang karo
aku.” (Ageng ngomong karo misuh-misuh meh nangis)
Sinta
nang kana mung bisa meluk adine lan nyoba nenanga supaya adi-adine aja pada
percaya karo gosip sing kaya mangkana. Sinta mung bisa nein alesan bapak lagi
kesel dadine ya kaya kuwi karo ibu, Bapak pasti ya ora sengaja ngaplok ibu.
Sesuk dinane Pak Lurah mangkat ing
Baledesa kaya biyasane, nanging ana sing aneh ing dina iki. Biyasane yen wayah
liburan semester Sinta diajak ing baladesa, nanging liburan iki ora diajak
bapake ning baladesa. Bar adus Sinta pamit karo ibune meh ning baladesa nemoni
bapake. Nanging Sinta kaget olih kenyataan sing ora nalar. Mb Vita seketaris
kelurahan ngendika menawa Pak Lurah mboten rawuh 3 dinten. Sinta kaget kaya ora
percaya, mau bapake pamite meh mangakat kerja. Kahanan ing baladesan lagi pada
panas-panase amarga kelangan dhuwit kas nganti 300 yuta.
Sinta ning dalan kepetuk karo Dini,
bocah loro ikuh kanca akrab SMA. Sinta dolan ing omahe Dini, Nangkana pada
jejangon ngarep omah karo ibu lan bapake Dini.
“Iku
omah anyare sapa din?”
“Anuk
sin, iku omahe rangda anyar sing sering kegatelen karo bapak-bapak”
“Randa
sapa sing kowe maksud?”
“Dewi
jeneng iku ponakane Om Najib, semenjak pindahe rangda anyar iku desa iki wis
ora tentrem maneh. Masa iya nembe 2 wulan wis biso gawe omah, dhuwit saking
endi gawean wae ora duwe”
“Pikiranmu
iku negatif trus Din ora pernah berubah”
Ora
disangka Sinta mergoki bapakne lagi loroan karo Dewi. Awale sinta weruh motor
bapakne, Sinta langsung mlebu omah lan weruh bapake lagi sakranjang karo randa
anyar iku. Anak mbarepe Pak lurah njaluk penjelasan saka bapakne nanging wong
loro iku mung bisa meneng. Sinta njambak rambute Dewi nanging Bapake sing ora
trima. Sinta dikaproki, kabeh warga pada metu omah. Pak Lurah sing lagi
ngapruki anake langsung dipisah. Sinta mung bisa nangis sak wise Pak Lurah lan
Dewi lunga saka omah iku. Atine Sinta kelara-lara amarga wong kang paling
disayangi wis ngiyananti ibune.
Bu Yati sing krungu anake digabloki
bapake langsung mara menyang omahe rangda iku. Sinta lan mbokne mung bisa
tetangisan. Bu Yati lara ora ana tambane bojone wis selingkuh ditambah anake
digabloki ning bapak kandunge dewek. Ana kedadean kaya mang kana, Bu Yati gawa
anak 3ne lunga saka omah. Bu Yati balik menyang omahe wong tuane sing ana ing
Solo.
Pak
Tiwan dipecat dadi kepala desa, lan lagi kena kasus korupsi. Pak Tiwan kebukti
korupsi, lan Dewi kegawa kena masalah iki. Wong loro iku dipencara nganti 3
tahun. Sing ganteni kepala desa ya iku Pak Wajib, sing selama iki nglaporna
kedadean sing ora beres ning desane.
0 komentar:
Posting Komentar