Pitutur
Wong Tua
Pak
Hansdica paling sugih sedesa, Kabeh warga Desa Babakan pada ngormati keluargane
Pak Hans. Pak Hans keturunan bule, wong tuane ana ning Belanda. Pak Hans netap
ning Indonesia amarga kawin karo wong Indonesia. Bojone Pak Hans asmane Bu
Sulastri asli indonesia turunan Sunda lan Jawa. Pak Hans lan Bu Lastri
diparingi anak wadon kang asmane Fitri. Fitri anak tunggal lan paling disayang
karo bapakne, kabeh sing dijaluk pasti dituruti. Saben mangkat sekolah dianter
mobil, Fitri sekolah ing SMA N 1 Babakan, ning sekolahan lan ning omah Fitri
dadi primadona wong lanang, nanging durung ana sing bisa mikat atine jah ayu
keturan bule iku. Pak Hans ora entuk yen Fitri duwe pacar. Alasan kang kaya mangkana
sing gawe Fitri wegah pacaran. Cah ayu rambut ireng luruh kuwi, duwe sahabat
awit jaman SD asmane Wulan, Nisa lan Novi.
“Kowe
saben mangakat diater om Hans trus kapan diater pacarmu fit?”
“Aku
durung wani pacran Nis”. (Karo mesem marang Nisa”)
“Kowe
tinggal milih cah lanang sesekolahan, masa ra ana sing mincut atimu fit?” (Novi
nyambi gedeg-gede keheranen)
“Wis-wis
ora usah pada ngributna aku, hayo pada mlebu kelas wis meh jam 7”
Bocah papat kuwi lunga mendi wae
pasti bebarengan. Fitri dikenal bocah pinter lan ora sombong najan Fitri kuwi
anake wong sugih. Guru se-SMA pada bangga karo anake Pak Hans amargi prestasine
sing luar biyasa bisa gawa sekolahe menang lomba Bahasa Inggris Se-Indonesia.
Wiwit cilik Fitri wis pinter Bahasa Inggris amarga sering diajak dolan ning
omahe embahe ing Belanda.
Fitri hobi basket saben sabtu minggu
wayah libur latian basket ning buri omah karo kanca-kancane. SMA 1 Babakan
sering menang juara basket, nanging tahun iki juara pertama direbut SMK
Patarukan. Sabtu sore jadwal latihan basket nanging papane dudu ning omahe
Fitri nanging ing SMK 1 Patarukan. Ning kana ana latihan tanding antara SMA 1
Babakan ngelawan SMK 1 Patarukan.
Ora disangka ing lapangan Fitri
ketemu karo kanca SMP biyen kang asmane Utomo. Tomo biyen kanca akrabe Fitri,
bocah loro kuwi najan biyen saling tresna nanging Tomo kelas 2 SMP pinda
Sekolah ing Jakarta.
“Piye
kabare cah ayu landa?”
“Kabarku
ya apik tenan. piye kowe tom, ora ana kabar wis meh 2 tahun”
“Wong
tuaku pisahan fit, aku digawa ning Jakarta karo ibuku. Bapaku kawin meneh karo
wong Lampung. Nah iki aku nembe pirang sasi pindah sekolah. Kaya-kayane meh
netep ning kene wae, ora betah dadi wong kotha”
Fitri
lan Tomo ngobrol suwe sauwise latihan basket. Bocah loro kuwi tuker-tukeran
nomer telvon. Fitri pipine abang amarga bungah bisa ketemu meneh karo wong
lanang sing wis lawas dienteni. Tomo kuwi bocahe bagus, kulite putih lan duwe
lesung pipi. Rata-rata bocah wadon pada tresna marang lesung pipine. Tomo
durung duwe pacar nanging lagi cedak karo ketua basket sing asmani Anggun.
Fitri lan Tomo tambah dina tambah
cedak, Tomo ngajak jalan-jalan sakbubare sekolah naging Fitri ora tau gelem
wedi karo Pak Hans. Fitri saben balik sekolah dijemput ora entuk mlaku apa
maneh dijemput karo wong lanang. Saben wayah balik sekolah Tomo wis ana ing
arep sekolahan, awale Fitri cuma ngobrol biyasa dikancani karo Wulan, Nisa lan
Novi. Tambah dina sayange Fitri marang Tomo wis ora bisa dibendung, bocah loro
kuwi ketemuan saben dina.
Fitri semenjak pacaran karo Tomo
sifate berubah ora kaya biyen maneh. Gadis bule kuwi sering bolos sekolah lan
nilai ujiane dadi mudun. Gadis lugu kuwi berubah dadi nakal saiki wis wani
gorohi bapak ibune, sahabat-sahabate Fitri wis sering nasehati nangin ora tau
digubris. Guru-guru pada geheranen napa ka nilaye bocah sakpinter Fitri bisa
mudun lan sakiki jarang mangkat sekolah apa meneh aktif organisasi.
Saben
malam minggu Fitri pamit karo ibu lan bapakne arep ngrjakna tugas nang omahe
Novi, nanging nyatane Fitri ketemuan karo Tomo. Pak Hans wonge sing super ketat
mulai curiga menawa anak wadone lagi kasmaran, nanging dheweke orang ngrti sapa
sing wani ngrebut artine anak wadon kesayangane. Pak Hans olih kabar menawa
anak kesayangane dadi berubah semenjak pacaran karo wong lanang sing lagi
diselidiki asal ususle. Fitri ing omah jarang sinau, saben bengi Fitri dolanan
hp lan telvonan karo Tomo.
Kaya
biyasane saben wayah balik sekolah Fitri lan Tomo jalan-jalan, nanging ora dinyana
ketemu karo Pak Hans ing Pombensin. Pak Hans sing weruh anak wadone boncengan
karo bocah lanang langsung metu sing mobil sport warna abu-abu.
“Karo
sapa kowe nang kene? Ayo cepet balik karo bapak!”
“Anu
pak kula bade ndamel tugas sekolah, kula wangsul kalih Tomo mawon pak”
“Kowe
meh balik nganggo motor kaya iki? Sadar ndok kowe kuwi sapa.”
“Kowe
balik karo bapak mu wae fit, aku ora papa”
“Emoh
tom, aku meh karo kowe wae”
Tangane Fitri digeret lan digawa mlebu mobi
abu-abu kinclong iku. Fitri ning dalan mung bisa nangis wedi menawa dheweke
bakal dilarang ketemu Tomi maneh. Anjog ngarep omah Pak Hans wis bengok-bengok
ngundang Bu Lastri.
“Bu....?”
“Ana
apa toh pak, balik-balik ka tumben bengok-bengok?”
“Kae
anakmu iku saiki wis wani boncengan karo anake wong lanang”
“Ya
wit ben tah pak, Fitri wis gede, menawa Fitri kuwi kancan tok urung pacaran”
“Ya
ndelo bebet bobote aja gampangan dadi wong wedo, apa maneh Fitri kuwi anakku”
Hpne
Fitri dijupuk bapakne lan ora olih metu omah. Fitri wis 2 minggu ora mangkat
sekolah amarga ora diolihi ning Pak Hans. Najan Fitri ora tau mangkat sekolah
nanging ora pernah ketinggalan pelajaran, guru SMAne mara menyang omah.
Dina minggu Tomo mara menyang omahe
Fitri, ning kana lagi pada kumpul keluarga besare Pak Hans. Durung perna ana
sing wani bocah lanang dolan ning omahe Fitri amarga wedi karo Pak Hans sing
dikenal galak. Tomo dikon lunguh ning kursi ukiran sing digawe saka kayu jati.
Omahe Pak Hans iku bener-bener megah ning duwure ana lampu kristal sing gede
nemen. Ning jaba umahe wae wis kaya mangkene apa maneh ning jero umahe.
“Kowe
bocah lanang sing wing gawa lunga anakku?”
“Enggih
Pak, kula Tomo rencange Fitri”
“Ana
apa kowe wani-wanine rene?”
“Kula
mriki bade nyuwun pangapura marang Pak Hans”
Niat
pangapurane Tomo ora ditrima Pak Hans langsung mlebu omah cuma wei pesen menawa
Tomo dikon ngadohi Fitri, amarga Pak Hans wis ngrti tingkah lakune Tomo ning
Jakarta. Tomo kuwi lagi digoleti polisi amarga Tomo kuwi Bandar ganja. Nanging
Pak Hans ora tega terus terang marang anake.
Bu
Lastri nasehati anake menawa dadi anak kuwi kudu nurut marang wong tua. Kabeh
sing dilakukna wong tua demi kebahagiaane anake.
“Bapakmu
iku sak jatine ora galak ndok, kabeh mau demi kebaikanmu”
“Bapak
ya ora usah kaya ngana tah bu, aku wis gede aja diatur-atur terus”
“Kowe
emang wis gede ndok tapi kowe kudu diarahna dalan sing bener supaya aja keleru.
Bocah kaya mangkono ora pantes dadi sirsiran atimu cah ayu”
“Kenapa
ora pantes bu? Apa karna Tomo kuwi wong miskin, bapak lan ibu ora setuju”
“Cah
ayu, bapakmu iku wong apik ora pernah mandang wong sugih utawa miskine, bapakmu
iku mung mandang uwong dadi prilakune. Kana kowe njaluk pangapura karo bapakmu,
percaya karo ibu kabeh sing dilakukna bapak mu demi kebahagianmu. Aja karana
bocah lanang kaya mangkono kowe dadi wani marang wong tua cah ayu”
Fitri njaluk pangapur karo bapak lan
ibune, amarga wis dadi rusak semenjak kenal karo wong lanang kuwi. Pak Hans
cerita menawa Tomo kuwi lagi dadi buron polisi. Tomo dadi bandar narkoba wis
meh setahunan saiki pindah ning babakan go ngilangna jejak. Akeh laporan menawa
cah emom-enom Babakan dadi pada rusak semenjak dolan karo Tomo. Desa Babakan
saiki lagi ungsum sing arane begal motor lan maling.
Fitri sing krungu kaya mangkono dadi
pucet lan mung bisa nangis, amarga nyesel selam iki wis wani karo wong tua lan
nilai sekolahe dadi cilik. Fitri wis mangkat sekolah kaya biyasane, aktifitase
laka sing berubah dianter jemput karo Pak Hans. Fitri ya wis setitik-titik wis
bisa nglalena Tomo.
Sabtu sore udan gede, Pak Hans ana
keperluan liyane ora bisa njemput. Udane saya tambah gede Fitri ing sekolahan
mung dewekan, kanca-kancane wis pada mulih. Tomo sing awit awan ngenteni Fitri
langsung mara nyedak Fitri. Tomo nawana tumpangan mulih nanging Fitri ora gelem
amarga wis janji marang wong tuane.
“Kowe
arem bonceng aku mulih apa ora Fit?”
“Ora
usah Tom aku mengko wae ngenteni udan terang, aku meh mlaku wae”
“Iki
wis sore Fit sedelatkas magrib mending bonceng aku sekalian”
Fiti
lan Tomo balik boncengan udan-udanan nanging ning tengah dalan Fitri ora
dianter langsung balik menyang omahe. Mampir ning omahe kancane Tomo kang
asmane Dedi. Nangkono ana kira-kira 5 uwong wis pada teler kabeh, Fitri ning
kono mung bisa meneng wae amarga wedi. Wong-wong kuwi pada ngroceh ora sadar.
Ora suwe Fitri anjog umahe Dedi, omah iku digrebeg polisi. Kabeh wong kang ana
ning omah kuwi digawa menyang kantor polisi. Nang kana poisi nemukna puluhan kilo
ganja lan motor-motor olih begalan.
Pak Hans sing krungu putrine digawa
polisi lanangsung mara menyang Polres. Dilalah Pak Hans kenal karo Kepala
Polisi sing asmane Pak Hari. Pak Hari jelasna kedadean apa wae sing ana ning
kana. Fitri bisa bebas asal bayar 20 yuta lan jaminan saking wong tuane. Fitri
ora kebukti gunakna ganja nanging Fitri tetep salah amarga pas ana kedadean
grebegan Fitri ana ning omah kuwi.
Pak Hans ngetokna Dhuwit 20 yuta ora
dadi masalah, sing penting anak kesayangane bisa metu saking penjara. Fitri
laka setengah dina ning penjara bisa metu bebas, amarga bapake sing sugih wis
bayar 20 yuta lan ana jaminane. Fitri lan sekeluarga pada tetangisan kabeh.
Gadis keturan landa kuwi njaluk pangapura ning keluarga amarga wis ora nuruti
omongane wong tua.
Fitri dipindah sekolah ing Belanda,
Pak Hans lan Bu Lastri demi kebahagian lan masa depan anak wadon kesayangane
rela ninggalna Indonesia. Bu Lastri ning Belanda saomah karo maratuane,
Keluarga besar Pak Hans pada bungah amarga Pak Hans meh nenep ning Belanda.
Tomi
dipenjara 5 tahun amarga kasuse gede. Tomi dadi bandar ganja lan tersangka
pembegalan. Desa Babakan dadi rame kena kasus iki, setasiun tv sak-Indonesia
pada nyiarna berita ketangkape komplotan bandar ganja. Nanging ora ana siji
uwong sing ngerti Fitri uga ketangkap. Pak Hans bayar kepolisian supaya anak
wadone aja sampe kegawa-gawa ning kasus iki. Keluarga besar Pak Hans ora pengen
nama besare dicemar dadi elek.
0 komentar:
Posting Komentar