PITUDUH TUMRAP WONG NGARANG
Wong sinau njoged, supaya enggal pinter, kudu sregep
tumindak njoged, ora cukup mung tlaten maspadakake carane wong njoged bae.
Wong sianu nglangi, ora cukup mung sregep neniteni
patrape wong nglangi bae, arang-arang tumindak nglangi dhewe. Bisane enggal
wasis, kudu kerep nggebyur ing banyu la ngawaki nglangi.
Mangkono uga wong kang nedya nggilut Kasusastran
Jawa. Manawa mung tlaten neniteni basa kang endah bae, sedayane ora bakal bisa
enggal kegayuh. Bisane enggal, kudu kerep nyoba ndapuk dhewe basa kang endah,
yaiku sregep gawe reripetan, ngarang.
Karangan iku kena ginawe dawa nganti ngandar-andar
angendhukur, kena ginawe cendhak, rinacut nganti bebasan mung samrica binubut.
Manawa sinau ngarang, ora prelu dawa-dawa dhisik.
Kang prelu diudi bab endahe. Dudu dawane karangan kang luwih prelu,
nanging endahe.
Karangan
sing becik iku mesthi nglungguhi wewaton 3 prakara yaiku :
- Kang minangka wadahe karangan, yaiku tulisane, kudu bener, llire manut wewaton Paramasastra, lan panatane tulisan mesthi bae ya kudu becik.
- Kang minangka busanane karangan, yaiku basane, kudu bagus, sukur bage basa endah.
- Isine karangan mentes.
Kang prelu dieling Manawa sinau ngarang, yaiku.
A. TUMRAP KARANGAN GANCARAN
- Jejere karangan, katulis ing dhuwur lan dumunung ing tengah-tengah. Lire, lowahan ing sisih kiwa padha ambane karo lowahan ing sisih tengen.
- Saka jejer karangan karo bebukane dieleti sagaris.
- Perang-perangane karangan kudu cetha yaiku : jejere, bebukane, isine sing baku lan panutupe. Bebuka lan panutupe karangan iku sing cendhak bae : sing kudu luwih dawa mesthi bae isine sing baku.
- Ing sadurunge wiwit ngarang, bab-bab sing arep dicaritakake ana ing karangan kudu ditulisi dhisik, lan ditata supaya urut-urutane bab-bab iku runtut.
- Sawise bab-bab iku katata runtut, lagi wiwit ngarang yaiku gawe konsep. Bab kang wis dicaritakake ing konsep, didekeki tandha, upamane sarana didekeki coretan ing burine.
- Saben wiwit nyaritakake bab anyar, panulisane kudu kawiwitan ing larikan anyar, ganti baris; mesthi bae wiwite bab anyar iku kudu katulis nganggo akasara gedhe, panulisane aksara gedhe iku moncol manengen watara 1 cm. wondene Manawa karangan iku katulis ing sastra Jawa, wiwite nyeritakake bab anyar iku nganggo adeg-adeg. Trape adeg-adeg iku ora moncol manengen, lurus bae karo aksara-aksara kang dumunung ana ing pinggir kiwa.
- Sawise kabeh bab dicaritakake ana ing konsep, mesthi bebuka lan panutupe karangan yaw is ana, konsep iku dititi bola-bali. Tembung-tembung kang kurang mapan trape, diganti. Ukara-ukara kang wagu, diowahi. Yen ana luputing panulis ya kudu dibenerake.
- Kaudia, supaya wong sing maca karanganmu iku saya suwe (saya mangisor) bisa saja seneng, aja nganti saya bosen. Bisane klakon mangkono, karangan iku saya mangisor kudu saya apik, supaya bisa nenarik atine wong sing maca.
- Manawa konsep iku wis dititi kanthi njlimet, isine konsep iku diturun ana ing kertas sing resik, nggango tulisan sing apik, resik lan cetha. Sawise rampung, dititi maneh yen prelu yo bola-bali. Aja nganti ana tembung sing panulise kurang titik, kurang corek lan liya-liyane. Lali marang pada, saya ora kena, sabab kuranging pada bisa ngowahake surasa.
B. KARANGAN KANG SINAMBUNG ING TEMBANG
- Yen mung temang sapupuh, sanajan isine ana pirang-pirang pada (bait), jenenge tembang lumrah katulis ana ing dhuwur. Sangisore jenenge tembang lumrah uga katulis jejere karangan (bab kang dikarang). Wondene carane nulis tembange kena saben sagatra ditulis salarik; dene Manawa niyat ngirit, kena terusan ngantu saben garis katulis tekan ing wekasan sisih tengen. Tuladhane mangkene :
DHANDHANGGULA
I. Mamrih
manis purwakaning tulis
angrumpaka
wajibing pra siswa
kang
luwih wigati dhewe
tansah
ambangun turut
marang
Guru jwa nyulayani
kapindo
kang atuni
katelu
kang atul
katelu
nglatih nggegulang
pribadine
supadi dadi wong becik
jujur
wijiling ujar
II. Kaping
papat kudu sregep ngudi
Ulah
raga dalapon salira
Kuwat
adoh lelarane
Kalis
mules lan ngelu
Kalimane
wajib angaji
Weruh
mring tata karma
Nganggo
unggah ungguh
Puluh
sugiha kabisan
Yen
tan ngreti traping tata nglelingsemi
Ingeseman
dhening lyan
- Manawa pangarange tembang luwih saka sapupuh, jenenge tembang lan jejere karangan prayoga ora tinulis melok ana ing dhuwur. Jeneng-jenenge tembang lumrahe mung disebutake sarana sasmita bae. Jejere karangan (bab sing dikarang) kapratelakake ana ing pupuh kang wiwitan ing sajroning pada (bait)bkang dhisik dhewe. Wondene panulise, yen nganggo aksara Latin, padha karo kang wis kasebut ing dhuwur. Yen sastra Jawa :
a. Kawiwitan
nganggo purwapada
b. Kabeh
wekasaane gatra nggango pada lingsa
c. Kabeh
wekasane pada (bait) katutup ing padagedhe
d. Ing
wekasane siji-sijine pupuh, katutup nganggo madyapada
Mung
wekasane pupuh kang kari dhewe kudu nganggo wasanapada
- Pada karo pituduh ing karangan gancaran No. 3,4,5,6,7,8 lan 9
- Aja nganggo tembung-tembung Kawi kang angel-angel sing ora kaprah kesambrah ing sadina-dina. Endahe karangan tembang iku ora gumantung ana ing tembunge Kawi. Malah yen kakehan tembunge kawi banjur dadi njuwarehi.
- Saben wiwit nyritakake bab anyar, sabisa-bisa kaudia ana ing wiwitane pupuh anyar, saora-orane ya kudu ana ing wiwitane pada (permulaan bait).
- Siji-sijine gatrane tembang, guru wilangan, guru lagune lan pedhotane kudu nglungguhi wewaton.
- Kaudia kanthi temen-temen, supaya bisa ngarang tembang, supaya bisa ngarang tembang tanpa nekuki driji kanggo ngetungi guru wilangan, lan tanpa njiplak guru lagu. Sumurupa wong kang wisp inter ngarang tembang, sanajan dudu pujangga, Manawa ngaranng tembang mesthi karo nembang, sanajan mung ing batin bae. Ora tau nekuki driji kanggo nocogake guru wilangan, lan ora tau njiplak guru lagu. Kabeh wewatone tembang dalasan tekan pedhotane pisan, wis kasalira. Wong kang wis nyalira wewatone tembang, yen ngarang tembang mesthine bisa rikat lan bener, tur karangane adate ya becik, ukara-ukarane luwes ora kau wagu.
- Sabisa-bisa aja nganggo tembung puniki, punika lan puniku kanggo ing wekasane gatra; mangkono uga aja nganggo panambang ira, ireki lan ireku. Wong ngarang tembang nganti muginakake tembung puniki, punika lan puniku, panambang ira, ireki lan ireku ing wekasane gatra, pratanda isih rumangsa kecipuhan marang guru laguning tembang; lan uga mratandhani kurang jembar kawruhe ing babagan dasanamane tembung.
0 komentar:
Posting Komentar