Pendhidhikan antikorupsi
Sekretaris
Jendral Pendidikan lan Kebudayaan Ainun Na’im mrathelakaken, pendhidhikan
antikorupsi sampun dilebetaken wonten ing kurikulum sekolah dhasar ngantos
pendhidhikan tinggi wiwit warsa 2012. Ananging boten gampil nglaksanakaken
program kasebat, amargi ngantos dinten samenika taksih kathah perkawis ingkang
kedah diadhepi. Amargi wonten tiyang-tiyang ingkang boten sarujuk manawi antikorupsi
dipunlebetaken wonten ing kurikulum. Sanajan boten mligi dados mata pelajaran,
pendhidhikan antikorupsi menika namung dipunseselaken wonten ing salah
sawijining mata pelajaran ingkang wonten gandheng cenengepun kaliyan korupsi,
kayata Pendidikan Kewarganegaraan.
Pendhidhikan
antikorupsi menika leres dipunlebetaken wonten ing kurikulum. Jalaran saking perkawis-perkawis
ingkang sampun kalampahan, khususipun pejabat negara kang kedah dados conto
kangge rakyat, nanging kathah ingkang kejerat kaliyan korupsi. Manawi boten
diantisipasi, KKN(Korupsi kolusi Nepotisme) menika saged dados budaya wonten
ing Indonesia. Rakyat boten malih ngajeni negara, amargi pejabat negaranipun boten
saged nglaksanakaken amanat saking rakyat. Rakyat boten purun malih bayar pajak
lan akibatipun negara boten gadhah pemasukan, amargi pemasukan negara ingkang
paling ageng inggih punika saking pajak. Saking pajak punika negara saged
mbangun fasilitas kagem masyarakat kayata aspal, sekolah, puskesmas lan
sapanunggalanipun.
Pendhidhikan
antikorupsi punika ingkang sae dipunlebetaken wonten ing kurikulum SMA lan
Perguruan Tinggi. Amargi sampun trep kaliyan Kurikulum Berbasis Kompetensi, pendhidhikan kang dipun ajaraken
marang siswa kedah trep kaliyan kemampuan lan kebutuhan murid. Murid SMA lan
Perguruan Tinggi perlu dipun adharaken babagan punika amargi sampun wancine
terjun wonten ing dunia pekerjaan lan srawung wonten ing masyarakat, utaminipun
manawi sampun bebrayan. Pendhidhikan antkorupsi punika saged damel pondasi lan
sangu supados siswa mangertos punapa kemawon kang dodos hake piyambag lan hake
tiyang sanes. Iga saged nglaksanakaken amanat saking tiyang sanes.
Pendhidhikan
antikorupsi menika saged diajaraken wiwit cara kang prasaja. Kayata lewat
organisasi sekolah(OSIS, BEM, ROHIS, HIMA, lsp) utawa organisasi kelas kang
dipun awasi dening wali kelasipun piyambak. Saking organisasi punika murid
saged dipun ajaraken babagan keuangan supados dipuntulis kanthi rinci, perkakas
organisasi supados dijaga anargi punika amanat saking sekolah lan dipun paringi
informasi kasus korupsi ingkang sampun kalampahan lan punapa kemawon kerugian
kang ditanggung negara. Kanthi cara ingkang pungkasan menika inggih saged
nuwuhaken sikap nasionalisme wonten ing dhiri siswa supados sami-sami njaga
punapa kemawon ingkang sampun digadhahi negara, ugi supados boten ical wonten
ing tangan-tangan kang boten samestine, kang saged njalari sangsaya mlarat
panguripanipun rakyat alit.
Ananging
pendhidhikan antikorupsi menika boten mligi dados dalan ingkang paling sae
kagem nangani perkawis KKN wonten ing Indonesia. Kurikulum enggal punika kirang
efektif amargi boten saged njamin murid-murid punika supados boten blereng
manawi dipun adhepaken kaliyan kasunyatan wonten ing dunia pekerjaan. Ditambah
malih kabutuhan kulawarga lan penghasilan kang boten imbang. Perkawis kasebat
kang saged nglunturaken punapa kemawon ingkang sampun diajaraken kaliyan
gurunipun.
Gurunipun
piyambak inggih boten saged dijamin manawi bebas saking kasus korupsi. Ampun
ngantos dados Jarkoni(bisa ngajar ora bisa nglakoni). Manawi gurunipun dereng
saged dipastekake bebas saking kasus korupsi punapa malih murid-muridipun. Amargi
guru ingkang sae inggih punika guru kang saged maringi tuladha, boten namung
ngendika ngalor-ngidul kang boten wonten isinipun. Tenaga pendhidhik inggih
punika tenaga ingkang mangertosi ngantos gamblang babagan punapa kemawon
ingkang dipun ajaraken dening murid. Paling boten saged tumindhak miturut
pengetahuan ingkang sampun dimangerteni, boten asal tabrak jalaran blereng
gebyaring bandha kang wonten ing ngajenge.
Korupsi
inggih punika kapinginan supaya nduweni sesuatu kanthi cara gampil ananging
ngrugikake tiyang sanes. Dados kasus
korupsi punika boten mligi kados nilep artanipun rakyat kemawon. Nanging uga
saking perkawis kang sepele, kayata nyontek. Nyontek punika sampun lumrah
wonten ing kalangan pelajar, nanging kalumrahan kang sepele kasebat ngajaraken
tindhakan kang boten sae marang murid. Saking tindhakan kang sepele kasebat
bisa njalari murid nglakokake tindhakan kang luwih boten trep, kayata korupsi
ing sangajenge dinten. Samana uga kang kadadeyan ing guru utawa tenaga
pengajar. Korupsi kang asring dilakoni guru punika yaiku korupsi jam pelajaran.
Pelajaran sampun dipungkasi saderenge wekdalipun. Pancinipun njalari murid
bingah, nanging sejantosipun kahanan kasebat inggih ngajaraken murid nglanggar
aturan lan tata tertib. Amarga guru kang dipun dadosaken panutan uga nglanggar
aturan. Wonten malih tindhakan guru marang murid kang nembe panas inggih punika
pelecehan seksual, kang njalari traumane anak ngantos diwasa.
Anggota
KPK(Komisi Pemberantasan Korupsi) lan hakim mawon wonten ingkang kejerat
kaliyan kasus korupsi, punapa malih tenaga pendhidhik kang dereng dangu menika
nembe gencar didhawuhi supados ngajar babagan antikorupsi. Tiyang-tiyang
ingkang nangani bidang korupsi mawon boten luput saking parkawis kang saben
dintene dipun tangani. Mendah dene tenaga pendhidhik kang boten nate kesorot
publik.
Sampun
kathah hukuman lan sanksi kanggo tindak pidana korupsi. Kayata kang katulis
wonten ing Undang-Undang No. 31 Tahun 1999 kang sampun digantos kaliyan
Undang-Undang No. 20 Tahun 2001. Nanging taksih kathah tiyang kang tetep
nindhakaken korupsi. Bokmanawa tiyang-tiyang punika rumangsa yen hukum ing
Indonesia kirang teges. Amarga taksih kathah tindak korupsi kang boten konangan
tiyang sanes. Malah wonten tiyang kang korupsi nanging taksih saged
mlampah-mlampah ngantos Singapura, menika jalaran kirang tegese hukum ing
Indonesia.
Sejantosipun
sadaya wau gumantung dhiri piyambak. Mangertos pundi kemawon kang dados hake
lan hak tiyang sanes kang taksih kekirangan. Kepriye anggone nyambut damel
kanthi cara kang halal. Ngantos direwangi adus kringet nanging hasile taksih
dereng nyukupi kabutuhan kulawarga kang tansaya kathah. Nanging kang boten
saged ewah punika yaiku rejeki kang halal njalari urip ayem lan tentrem sanajan
sarwa kacukupan.
Pendhidhikan
ingkang sae inggih punika pendhidhikan agama kang luwih dipadhetke malih,
utaminipun kangge sekolah umum kang namung wonten mata pelajaran agama 2 jam
saben dintene. Wektu punika boten sebandhing kaliyan perubahan jaman kang tansaya
rusak jalaran kelebon kaliyan budaya manca kang nyleweng saking budaya
Indonesia kang sejati. Murid wonten ing Indonesia boten namung betah didandosi
babagan ilmu umum lan akademik, nanging uga kedah didandosi babagan akhlak,
moral lan pribadhinipun kang sampun luntur. Wonten ing agama Islam korupsi
menika cetha dikharamake. Malah Rasulullah sampun ngendikan “terlaknatlah orang
yang menyuap dan disuap.” (HR. Ahmad)
Tiyang-tiyang padha
tumindhak serakah lan rumangsa kirang marang punapa kemawon ingkang samun
digadhahi. Atinipun dados kasar, boten saged sumerep marang tiyang sanes kang
sarwo kekirangan. Tiyang pinter punika kalah kaliyan tiyang mangertos,
mangertos manawi tangga teparo lan sanak kadangipun sarwo kekirangan, mangertos
menawi bandha punika boten bakal dipun bekta ing alam kubur. Boten tiyang
pinter, nanging boten mangertos hak-hak punapa kemawon ingkah perlu
ditindhakake.
Sajake
tiyang punika betah diajaraken syukur dhumateng Gusti amargi sampun dipun
paringi rejeki lan kasugengan sahingga bisa makarya. Pendhidhikan agama punika
paling boten saged nyadharaken tumindhak-tumindhak ingkang kelentu lan saged
ngandhelake iman marang Gusti Allah. Amargi sedaya bandha kang diduweni wonen
ing donya menika saged ical sawayah-wayah, kalebu nyawa. Ngakaraken
pendhidhikan agama marang anak punika inggih salah sawijining kawajiban tiyang
sepuh dhateng anak.
Ananging
pendhidhikan agama punika inggih boten mligi dados panutan kang paling sae.
Amarga wonten ulama-ulama lan kyai kang tumindhak boten miturut dhasar agama.
Kayata nampa bayaran pengajian utawa ceramah kang sejantosipun boten angsal ing
agama. Wonten malih biro-biro haji lan umroh kang nilep arta nasabahipun.
Ingkang paling mbangetake yaiku kyai kang nyabuli santriwatine piyambak. Ulama
lan Kyai punika boten saged ngayomi minangka dados guru spiritual, nanging
njalari icalipun kapitayan rakyat dhumateng Ulama.
Pancinipun
sadaya wau inggih gumantung dhiri pribadhinipun piyambak. Wong tuwa kedah
milihaken pendhidhikan kang paling sae dhumateng anak, kalebu pendhidhikan
agama. Supaya anak angsal pendhidhikan kang sae, miturut kemampuane anak.
Ananging paling boten, pendhidhikan agama punika kedah diajaraken marang anak,
amarga kalebet kewajabane wong tuwa supados ngajaraken ilmu agama marang anak.
Manawi pelajaran antikorupsi punika boten kaleksana, paling boten sampun
ngguguraken kuwajibane wong tuwa marang anak. Ingkang paling baken pendhidhikan
agama punika boten namung ngajaraken pendhidhikan donya kayata antikorupsi,
akhlak, toleransi nanging uga ngajaraken pendhidhikan akhirat.
Manawi
ing tindhakan korupsi pancinipun kita saged angsal punapa kemawon kang
dipingini kanthi cara instan. Nanging manawi wonten ing agama ngajaraken
sedhekah. Sedhekah punika boten bakal njalari telase bandha, nanging sangsaya
nambah rejeki kita. Amargi sedhekah woten ing agama nduweni rumus nglipat
gandhakake kaping pitu punapa kemawon kang sampun kita paringaken kangge
sesami.
Sumber :
Mulyana, Rohmat.2004.Mengartikulasikan
Pendidikan Nilai.Bandung:Alfabeta CV.
Majid, Abdul.2004.Pendidikan
Agama Islam Berbasis Kompetensi.Bandung:PT Remaja Rosdakarya.
Wiyono, R.2005.Pembahasan
Undang-Undang Pemberantasan Tindak Pidana Korupsi.Jakarta:Sinar Grafika.
Mulyasa, E.2006.Kurikulum
Berbasis Kompetensi.Bandung:PT Remaja Rosdakarya.
Drost, J.2000.Reformasi
Pengajaran Salah Asuhan Orang Tua?. PT Graedia Widiasarana.
0 komentar:
Posting Komentar