KEWALES
Pak Sumarmo kuwi priyayi sing sugih.
Sapa wong sing ora ngerti karo pak Sumarmo, sing dadi demang pasar. Wonge kang
ganteng lan putih. Dene bojone Pak Marmo ya Bu Yati sing duwe anak lanang telu.
Anak mbarepe Supri, kaping loro Nanang, lan anak bontote Agus. Uripe sugih lan
ora tau kekurangan. Pak Marmo wonge kang gampang akrab karo saubengan
masyarakat Bulak Kelor.
Uripe kang kaya surga dadi berubah
semenjak Pak Marmo kenal karo Sukesih. Sukesih janda anyar kang ditinggal
bojone. Pak Marmo jarang balik ngomah, lan sering ngamuk-ngamuk karo bojone. Bu
Yati sering kerungu menawa bojone iku lagi cedak karo wadon liya, perasaan
cemburune diempet kabar mau durung tentu bener. Kira-kira jam 10 wengi Pak
Sumarmo nembe balik omah:
”Bapak
tindak pundhi kemawon jam 10 nembenipun dugi griya?”
“Ya
tas keja toh bu!”
“Tumben-tumbenan
bapak wangsule ndhalu trus dinten-dinten niki?”
“Mboya
cangemu meneng, aku kan wes ngomong tas kerja lanange nemebe balik wis ngajak
tukaran.”
“Mboten
kados menika pak, kula sanjang mawon lare-lare taken bapak trus.”
Saben
dina kelakuane Pak Marmo nambah kebangeten, jarang mulih omah. Anak-anake sing
masih cilik goleti bapakne terus. Bu Yati ora wani takon yen takon malah dikapruk.
Atine bu Yati dadi kelara-lara nerima kabar menawa Pak Marmo wis nikah sirih
karo Sukaisih. Bu yati mung cuma isa nangis lan ngekepi anak-anake. Kehidupane
dadi kaya ning neraka, bojo sing diagung-agungi kaya dewa malah ngiyanati lan
gawe lara lahir lan batine.
Pak marmo balik menyang omah, anjog
plataran omah Pak Sumarmo wis bengok-bengok goleki Bu Yati.
“Bu....
bu Kowe ning endhi?”
“Enggih
pak kula wonten ning wingking! Wonten napa tah pak?”
“Aku
wingi wis rabi karo Sukesih, sesuk aku meh kawin resmi. Kowe kudu gelem dileloro.”
“Kula
mboten siap pak menawi kula dimadu.”
“Lah
kenapa tah? Kowe lan anakmu bakal tak cukupi. Pokoke kudu gelem!”
Bu
Yati mung bisa nangis lan dikepruki Pak marmo ben gelem dimadu. Supri weruh
ibune digaploki mung bisa nangis ora bisa apa-apa. Bapak kang paling disayangi
dadi maleh amarga wis kepincut kamben wadon liya. Bu Yati mung bisa nyikepi
anake. Setiap dina Bu Yati disiksa lan ora tau dinein dhuwit belanja sedurunge
Bu Yati gelem dileloro. Anak-anake sing masih cilik mung bisa ngrengek-ngengek lan
tetangisan njaluk jajan, padhahal mbokne ora duwe dhuwit sama sekalih. Demi
Anake Bu Yati gelem nerima yen dimadu.
Bare ngantenan Sukesih diboyong nang
omahe Pak Marmo. Bu Yati nang omahe dhewek dadi kaya babu, tugase gal esuk
nyiapna sarapan kanggo bojo, anake lan Sukesih. Saben gaweyan sing ana ning omah
dikerjakna Bu Yati. Sukesih cuma turonan ning amben, ngenteni bojone mulih.
Najan atine Bu Yati kelara-lara namung dheweke ora bisa apa-apa, mung bisane
nangis saben bengi lan njaluk pitulungan marang gusti sing maringi urip. Bu
Yati seben dina dikapoki bojone amargi Sukesih nuturi Pak Marmo sing ora bener,
ben Bu Yati lan anak-anake diusir saking omah.
Pesonane Pak Marmo nambah tua nambah
gawe wadon kepincut. Najan wes duweni bojo loro, pak Marmo matane masih
jelalatan. Senenge dolanan wadon, maen, lan mabok-mabokan. Tangga omahe dadi
korban nafsu bejate, uripe Mayang dadi berubah semenjak dadi kembang simpenane
Pak Marmo. Saben esuk Pak Marmo dolan ning omahe Mayang. Pamit karo bojone meh
kerja, nanging mampire ning tangga omahe. Saben esuk Mayang wes dangdan ayu ben
nambah disayang Pak Marmo. Kelakuan bejate mung bisa cuma telung wulan. Mayang
meteng anake Pak Marmo, nanging Pak Marmo ora gelem ngawini mayang amarga wes
duwe bojo loro. Pak Marmo mikir pimen care supaya dhewene ora ngawini Mayang.
Tukang sapu pasar kang asmane Pak Wajib dadi pilihan sing trakhire Pak Marmo.
“Kowe
saiki wes kawin durung Jib?”
“Kula
dereng Pak.”
“Yen
kowe tak jodohna karo Mayang anake Nandar gelem?”
“Enggih
kula purun pak, Mba Mayange niku purun napa mboten kalih kula?”
“Mayang
pasti gelem yen aku sing nyodohna.”
“Enggih
pak kula purun sanget kalih mba Mayang.”
“Tapine
Mayang wis meteng telung wulan, yen kowe gelem nikahi wulan aku bakal munggahna
jabatane kowe Jib. Tapi inget aja ngomong bojo-bojone aku, cuma kowe sing ngerti
yen Mayang metengi aku.”
“Enggih
pak gula mboten sanjang kalih sinten-sinten, kula matur suwun sanget bapak purun
maringi kula jodoh sing ayu kaya wulan kan ngancah tengah wengi. Bapak uga
samapun maringi kula kerjaan ingkang sae. Semoga bapak rejekine tambah katah
lan diparingi sehat terus.”
Pak
Wajib dikon ngawini Mayang lan dijanjeni bakal munggah gaweane. Pak Wajib sing trkenal
bujang lapuk nerima tawarane Pak Marmo, kaya ketimpa rejeki gede wis olih bojo
anyu lan munggah jabatane dadi setaf kantor.
Najan Pak Marmo tukang demenen, maen
lan doyan mabok. Pak Marmo masih duwe ati yen ana tanggane sing ora bisa mangan
utawa gerah langsung dibantu lan diwei dhuwit. Alasan kaya mangkono sing gawe
warga desa Bulak Kelor dadi patuh lan tunduk marang demang pasar. Yen duwe anak
wadon dipasrahake gon Pak Marmo supaya bisa dikawin lan uripe akeh dunya kaya
Bu Yati lan Sukesih.
Sukesih lagi meteng umur telung
wulan, Pak Marmo bungah banget amarga bojo enome lagy meteng anake. Pak Marmo
saben wayah balik kerja langsung mulih omah, Sukesih pengene dikancani bojone
trus. Bu Yati atine yah melu seneng yen Sukesih bisa gawa kabahagiyan kanggo
Pak Marmo. Supri saiki wis SMA kelas loro, Nanang kelas telu SMP, lan Agus
kelas 4 SD. Telu-telune masih sering olih kasih sayang sing bapake nanjan ora
kaya sing biyen sedurunge mbokne dibojo loro.
Pak Marmo ngrarepna yen anake iki
bakal wadon, lan janji menawa dhweke duwe anak wadon sing Sukesih bakal tak nein
kabeh dunyane. Pak Marmo uga janji menawa dhewene ora bakal demenan maneh yen
wes duwe anak wadon. Jemuah Wengi udane gede, nang wengi iku sukesih nglairna
anak wadon. Pak Marmo bungah tansah tetangisan. Kabeh tangga desane diwei emas
amarga dheweke wis duwe anak wadon. Anak wadone kang diasmani Tuti. Bocahe
tansah ayu mirip bapakne duweni lesung pipi lan putih kaya cina.
Najan lahire Tuti sing bakal gawe
cilaka bapakne. Nanging Pak Marmo ora sadar, Tuti di kedenekna karo kasih
sayang lan keubengan dunya. Sukesih dadi bocah sing paling sombong sejen karo
kakang-kange sing telu. Tuti ora gelem mara karo tangga cedak omahe. Wayahe
sekolah Tuti ora tau mangkat sekolah yen ditankoni alase males. Najan anak
wadone kaya mangkono Pak Marmo ora pernah ngamuk. Yen wayah unggah-unggahan Pak
Marmo sadurunge wes mara kepala sekolah supaya Tuti bisa lulus lan nilaiye
apik.
Tuti sampe gede ngandelna kesugihane
lan kehebatane bapakne. Agus yah iri karo Tuti najan dhewekne pada bae anake
Pak Marmo nanging ara tau disayang sampe mangkono. Bu Yati selalu nein nasehat
ning anak-anake yen urip ora usah iri karo wong liya, apa meneh sedulurmu
dhewek. Dhuwit ora bakal digawa mati, kepinteran lan tansah ibahadan lan tingkah
laku ning dunya sing becik sing bakal di etung ning akerat, bakal manjingna
ning suaraga.
Pak Marmo nambah tua, anak-anake ya
tambah gedhe-gedhe. Supri kuliah ning Bandung, Nanang kuliah neng Surabaya melu
sedulure Bu Yati, Agus kuliah ning Jakarta nyambi kerja lan Tuti neng omah ora
gelem kerja utawa sekolah. Gaweane mung cuma ngetekna dhuwite bapakne. Balanja-balanja
karo kanca-kancane sing anake pejabat. Senengane mabok-mabokan, tansah balik
menyang omah jam 3 esuk wes teler lan ngroceh apa wae. Kelakuane Tuti persis
kaya Pak Marmo lagi enome. Pak Marmo sing weruh kelakuan ankae kaya mangkono
mung bisa ngelus dada.
Umure
Pak Marmo wes 55 wayahe pengsiun. Pak Marmo saiki cuma ngandelna dhuwit
pengsiunan ora kaya waktu kerja meneh. Nanging Pak Marmo tetep dadi wong paling
sugih amarga sawahe akeh lan simpenan emase masih akeh. Kelakuane Tuti nambah
kerep balik omah kadang ya ora tau mulih. Tuti nduwe pacar anake Bupati tansah
asmane Bayu. Kelakuane Bayu ya kaya Tuti sering mabok-mabokan lan ngetekna dhuwit
wong tuane. Bayu cuma anak tunggale Bupati amarga iku Bayu paling disayang bapakne.
Bayu
lan Tuti sering kerep turu bareng, Bayu nglampisna nafsu bejate marang Tuti
sing bocahe ayu lan putih kaya cina. Tuti sering dinasehati Bu Yati, bocah
wadon ora olih balik esuk ora pantes apa maneh bapakmu piyayi sing paling
dihormati nang desa. Yen Bu Yati nasehati, mbokne Tuti ora trima sakisi omah
dadi tukaran gedhe. Bu Yati tansah di gebugi nang Sukesih lan Tuti. Pak Marmo
sing weruh bojo tuane digebugi mung bisa meneg wae ora wani nulungi.
Tuti
minggu-minggu iki kerep mutah-mutah barang dicepriksana menyang dokter Tuti
meteng wes 5 wulan. Najan awake Tuti sing cilik ora pada ngira yen ning wetenge
wes ana janin 5 wulan. Tuti ora wani cerita karo sapa-sapa, bayu sing ngerti
yen Tuti meteng langsung kabur ora gelem tanggung jawab. Tuti mung bisa nangis
nyeseli perbuatane. Yen Pak Marmo ngerti dhewekne meteng bakal di ganyami lan
diusir sing omah. Tuti mung bisa cerita marang mbokne.
Pak
Marmo najan ora sengaja lewat ngarep kamare Tuti lan krungu omangane wong loro
kuwi menawa Tuti lagi meteng 5 wulan. Pak Marmo tansah njejek lawang kamar lan
ngmuk-ngamuk. Tuti Lan Mbokne digebugi amarga wes ngisin-ngisina.
“Sapa,
sapa wonge seng wani-wanine metengi anake aku?”
“Niku
pak Bayu asmane larene Bupati.”
Pak
Marmo sing ngerti kaya mangkono, anake dimetengi anake bupati sing maune
ngamuk-ngamuk malah dadi kebungahen. Dhewekne pan besanan karo bupati lan
dunyane malah tansah nambah akeh. Nanging Tuti ora wani maleh yen Bayu ora
gelem tanggung jawab.
Sesuk dinane Pak Marmo, Tuti lan
Sukesih mara menyang kota nemuni Bupati. Bupati krungu kabar kaya mang kono
mung mesem tok amarga wes akeh sing dadi korbane Bayu.
“Wih
wih ana apa toh manten demang pasar sampe mara ning omahku?”
“Niki
pak kula bade nyuwun pertanggung jawabane Bayu. Enggih Bayu sampun metengi lare
kula empun 5 sasi pak!”
“Ouh
kaya mangkono sing gawe kowe sak-kelurgaa mara omahku. Sayange Bayu wes tak
sekolahna neng luar negri wingi wes mangkat.”
“Trus
kula niki sak keluarga pripun pak? Lare kesayangane kula pun 5 sasi?”
“Kaya
mangkono ka dadi masalah gedhe, ngene wae sih anakmu dikawina karo lanang
liyane mengko nikahe ngatik dhuwitku, kabeh aku sing nanggung. Iku seh saranku,
yen kowe ora gelem nerima ya wes, ngana urus anakmu dhewek lan inget dhuwit
pengsiunmu bakal tak cabut.”
Pak Marmo sing krungu kaya mangkono
mung bisa meneng wae, ora bisa mbela diri amarga kuwi atasane dhwekne. Pak
marmo mulih menyang omah, ning dalan Pak Marmo inget menawa dheweke perna metengi
tangga omahe lan anak buahe sing dikon tanggung jawab. Saiki malah kewales,
karmane kenane marang anak wadon kesayangane.
Tuti kerungu menawa Bayu sekolah
ning luar negri, Tuti ngombe obat racun sing ana ning meja. Tuti digawa menyang
rumah sakit nganti 2 minggu durung sadar. Pak Marmo kena setruk ora bisa
ngomong apa maneh mlaku. Mung bisa turonan ning kasur. Anak lanange Bu Yati
sing krungu menawa bapakne kena setruk langsung pada balik menyang omah. Nembe
saminggu anak-anake Bu Yating nang omah, Tuti nyawane ora bisa ditulung amarga
kakean ngombe obat racun. Sukesih sing krungu anak siji-sijine mati langsung
tetangisan lan pingsan. Atine tansah ancur lan sampe Sukesih dadi edan lan
digawa menyang rumah sakit jiwa.
Pak Marmo sadurunge digawa Gusti
Ingkang Agung, Pak Marmo njaluk pangapura marang Bu Yati lan anak telune.
Amarga wes dadi bojo lan bapak sing nelantarna. Bu Yati sing atine kaya
bidadari ya wes ngampuni malah sak durunge Pak Marmo njaluk pangapura.
Let seminngu Pak Marmo ninggal, Bu Yati
diboyong anak-anake menyang Jakarta. Supri saiki ws duwe perusahaan dhewek lan
meh nikah karo sekertarise. Nanang ana ning Surabaya wes dadi Dosen salah
sawijine perguruan nergi ning Indonesia. Agus anak bontote Bu Yati saiki
dipercaya nyekel perusahaan asing ning jakarta. Bu Yati uripe tansah bahagia
lan tentrem karo anak-anake. Kesabarane Bu Yati diwales marang anak-anake sing
wes pada sukses.
0 komentar:
Posting Komentar