KANG BISA KACAKUP ING KASUSASTRAN JAWA
Kasusastran
Jawa, mesti bae
bisa nyakup sakabehe unen-unen kang kadadean saka tatanane tembung-tembung Jawa kayata:
- Tembung saroja.
- Yogyaswara.
- Tembung garba (sandi).
- Tembung plutan.
- Rura basa.
- Kerata basa.
- Tembung entar.
- Paribasa.
- Bebasan.
- Saloka.
- Cangkriman.
- Dasanama.
- Pepindan.
- Candra.
- Gugon-tuhon.
- Purwakanthi.
- Wangsalan.
- Parikan.
- Ukara sesumbar.
- Guritan.
- Tembang gede tengahan Macapat.
- Kasusastran ing gendhing.
- Suluk.
- Donga, japa-mantra.
- Basa peprenesan.
- Sanepa.
- Isbat.
- Pralambang.
- Basa rinengga
- Sandiasma.
- Sengkalan.
- Lan liya-liyane.
Naning ora
teges manawa kasusastran Jawa iku kena diperang-perang kaya mangkono. Peprincen ing
dhuwur iku
mungnuduhake warna-warnane bab kang bisa kacakup ing kasustaan Jawa, dadi kena diarani sing dadi ubarampene kasustran Jawa. Mungguha panganan, peprincen ing dhuwur iku minangka bakale panganan dalah bumbu-bumbune.
Ingatase
wong nedya nggilut kasustraan Jawa, prelu uga ngreti peprincen ing dhuwur iku, sanajan ora
perlu apal. Sungih apalan bab tegese tembung-tembung lan peprincene basa,
iku becik banget. Nanging yen mung apal
bae, ora teges wis pinter ing babagan kasusastran, sabab ingategese kasusastran iku sing wigati banget ngerti lan bisa ngetrapake sing apik tetembungan lan
peprincening basa, nganti bisa dadi basa
kang endah.
Pepindane juru-madhaharan.
Sugih bakal panganan dalah bumbu-bumbune iku pancen ya prelu banget. Nanging sawise sugih uba-rampe sabumbune,
bisa ngolah panganan sing endah rupane apa ora, nikmat rasane apa ora, sedhep apa cemplang, gumantung lebdan lan orane sang
juru-madhaharan marang babagan olah-olah.
0 komentar:
Posting Komentar