KEBUDAYAAN
BUROK KABUPATEN BREBES, JAWA TENGAH
Putri Anjar Any
Universitas Negri Semarang
Abstrak
Kabupaten Brebes ana ing paling
kulon Provinsi Jawa Tengah lan batesan langsung karo Jawa Barat. Warga
Kabupaten Brebes mayoritas gunana bahasa jawa, duweni ciri
khas sing ora diduweni daerah sanesipun, biyasane diarani Bahasa Jawa Brebes.
Ana sing unik karo daerah iki yaiku
bahasa lan budayane. Akeh dusun sing gunanana loro bahasa yaiku bahasa jawa lan
sunda. Separo waraga gunana bahasa jawa lan separone gunana bahasa sunda.
Kebudayaan saking Kabupaten Brebes asale saka akulturasi lan asimilasi
kebudayaan Jawa Barat. Contohe Burok, Ing kabupaten Brebes Barat masih akeh
kesenian burok salah sawijine ing Dusun Kemurang wetan Kec. Tanjung.
A.
PENDAHULUAN
1.
Latar Belakang
Seni Burok yaiku kesenian khas brebes sing asale saka
aktualisasi lan asimilasi kebudayaan lan kesenian Jawa Barat. Kesenian burok
salah sawijine kesenian sing dikenal lan digemari ing kalangan masyarakat
Kabupaten Brebes lan sekitar Cirebon. Masyarakat Brebes saperangan gaweyane
tani, ora ana hiburane. Burok didadina kebudayaan sing paling disenengi. Burok
biyasane ditanggap nalika hajatan nikahan, sunatan, lan sanesipun.
2.
Rumusan Masalah
1)
Piye sejarahe burok
2)
Apa kesenian burok
iku lan piye prosesine?
3)
Apa burok ngalami
perubahan saben tahun?
3.
Landasan Teori
Tembung ”Kebudayaan” asale saka bahasa Sangsekerta buddhayan bentuk jamak saka tembung
“budi” utawa “akal”. Kebudayaan bisa diartina “hal-hal
yang bersangkutan dengan budi dan akal”.
Koentjaraningrat (1997:9) manyimpulkan “Kebudayaan
adalah keseluruan gagasan dan karya manusia, yang harus dibiasakannya dengan
belajar, beserta keseluruhan dari hasil budi dan karyanya.
Menurut Selo Soemardjan, dan Soelaiman Soemardi,
kebudayaan adalah sarana hasil karya, rasa, dan cipta manusia. Menurut Andreas
Eppink, Kebudayaan mengandung keseluruhan pengertian nilai sosial, norma
sosial, ilmu pengetahuan serta keseluruahan struktur-struktur sosial, religius
yang menjadi ciri khas masyarakat.
B.
METODE OBSERVASI
Metode sing digunana yaiku metode survey lan metode
wawancara Kesenian Burok Pandawa Nada ing Dusun Kemurang Wetan Kec. Tanjung,
Kabupaten Brebes.Hal sing dipitakona yaiku:
1.
Semenjak kapan ana
kebudayaan burok?
2.
Piye adicara burok?
3.
Apa ana pantangan
utawa larangan sak jerone acara burok dipentasna?
C.
HASIL DAN PEMBAHASAN
1.
Kesenian burok awal
mulane dikembangna karo Sunan Kalijaga kanggo nyebarna agama islam. Muncule
seni burokan saking ngendikane seniman sekitar tahun 1934 yaiku rupane kaya
jaran mabur. Kaya cerita rakyat ing kalangan masyarakat islam tentang
perjalanan Nabi Muhamad SAW saking Masjid Haram tindak dateng Masjid Aqsha
gunana jaran sing duweni sewiwi sing diarani Buroq.
Masyarakat Cirebon uga terkenal
sosok Buroq ana ing lukisan-lukisan kaca sing terkenal ing masyarakat Cirebon.
Lukisan Kaca kala wau bentuke
kaya jaran utawa kuda sembrani nduweni sewiwi (sayap) lan wajahe ayu bercahaya.
Sak njerone perkembangan jaman Buroq semakin disenengi warga, bahkan sampe ing
luar kota Cirebon, kaya ing seperti
Losari, Brebes, Banjarharjo, Karang Suwung, Ciledug, Kuningan, lan Indramayu
2.
Burok yaiku sejenis
boneka gede sing rangkane digawe saka anyaman pring. Ing jabane ditutupi kain
dicet mirip kaya wujud hewan. Kerangka dasar dibagi telu bagian endas, awak,
lan sewiwi. Bagian endas digawe mirip kaya wong wadon ayu digoni hiasan jamang sing
di gawe saka bahan warna keemasan. Raine burok yaiku topeng utawa ukiran wajah
sing wis dilukis mirip wong wadon ayu. Matane ning ngarep kedep-kedep, irung
mancung lan bibire dicet warna abang kaya wong sing biyasa gunana gincu utawa
lipstick. Bentuk endase kaya wong wadon sing gunakna kerudung. Bagian endas
diwei cagak kayu ksnggo gampangna pemain nglakukna kerakan kaya ngangguk,
nylinguk, muter lan uga gerakan kayang ngarep lan mburi.
Kerangka awak digawe gede
supaya bisa mlebu loro wong pemain burok. Bagian iki dituupi kain warna-warni,
kaya warna oren, abang, kuning, biru lan ijo, dilengkapi karo aksesoris kaya
kace border, renda lan payet. Ing bagian pundak dipasangi sewiwi utawa sayap
warnane abang enom, ijo enom lan sanesipun. Sewiwi bisa di manjat uduna kaya
manuk sing lagi mambur.
Bagiyan dada ana bolongan cilik
benuke persegi sing gunane kanggo deleng, lan bisa kanggo nerima amplop sing
isine dhuwit saking penonton utawa tuan hajat.
Burok ditanggap nalika ana acara hajatan kawinan, sunatan
lan sanes-sanesipun. Salah sawijine burok terkenal ing Kabupaten Brebes yaiku Burok Pandawa
Nada. Gadahe Bapak Casmudin. Griyanipun ing Dusun Kemukten wetan Rt 02 Rw 01
Kec. Ketanggungan Kab. Brebes. Gadahi Kariyawan burok 65 tiang.
Adicara burok diwiwiti saking persiapan juragan buro
kinten-kinten jam 08.00 lan sampe jam 16.00 sore.
Burok dipimpin ketua burok, biyasane ketua burok
menyiapkan sesajen lengkap lan memeriksa perlengkapan burok karo maca donga.
Rombongan burok teka ing duwe hajat kinten-kinten jam 08.00 esuk, anggota burok
sing laine nyiapna diri kaya dangdan sesuai kostum.
Adicara burok yaiku:
1. Penari latar
2. Tarian burok
3. Tarian kuda lumping
4. Tarian singa depok
5. Barongsai
6. Aktraksi burok
7. Drama sandiwara
8. Rahwana gugur
9. Pamacanan
10. Sintren
3. Saking tahun ketahu kebudayaan burok ngalami perubahan.
Asalmulane burok nggunakna musik genjringan utawa robanaan saiki burok
nggunakna lagu tarlingan khas daerah pantura. Peralatane uga ngalami perubahan
saiki luwih komplit lan dikemas menarik.
D.
PENUTUP
1.
Simpulan
Kebudayaan burok salah sawijine kebudayaan sing paling
ditersnani ning kalangan masyarakat Brebes lan Cirebon. Burok uga salah
sawijine kebudayaan unik ngandung mistis, ana adegan mangan ayam mentah.
Disitulah ketertarikan masyarakat terhadap kebudayaan burok.
2.
Saran
Kanggo kaum muda sekitar Kabupaten Brebes supaya terus nglestarikna budaya
burok. Pemerintah Kabupaten Brebes supaya luwih perduli kebudayaan brebes,
Pmerintah seharuse rutin ngadakna lomba burok supaya generasi muda luwih
semangat kanggo nyiptakna gerakan-gerakan luwih unik.
Daftar Pustaka
- Ganjar Kurnia. 2003. Deskripsi kesenian Jawa Barat. Dinas Kebudayaan & Pariwisata Jawa Barat, Bandung.
- Koentjaraningrat. 1997. Kebudayaan, Mentalitas, dan Pembangunan. Jakarta: PT Gramedia Pustaka Utara Gambar 3. Tarian barongsai
0 komentar:
Posting Komentar