DOKTER WULANDARI
Esuk iki binarung sumiliring angin kang seger, Wulandari
utawa Wulan mecaki plataran kampus Fakultas Kedokteran Universitas Airlangga.
Anggone mlaku kepenak ana vespa mlaku rikat banget meh nyrempat dheweke.
Anggone kedadean kuwe Wulan kenalan karo
Rudy. Wulan paling seneng karo priya kang kaya Rudy kuwi, sigrak, grapak,
ceplas-ceplos. Pikirane ora jejem tansah tumuju priya nggantheng kang nembe wae
ditepungi. Esem lan guyune kang renyah katon bisa nonthok lawang ati sing wis
sawetara nutup kanggo priya lan katesnan.
Dina –dina candhake memitrane Wulan karo Rudybtansah
reket. Utami yah melu seneng yen
Wulan wis bisa mbuka ati kanggo priya lain. Sebab wulan biyen pernah duwe
ser-seran ati namung radi restui dadning wong tuane pihak lanang, Wulan ora
jelas asal usule lan digedekake nang panti asuhan. Ya wiwit kuwi Wulan jinja
banget marang priya lan katresnan.Dheweke banjur mligi mikirake pasinaon nganti
kelakon “ pelajar teladan” sa-Jawa Timur lan entuk bea siswa saka Pamarentah
nganti bisa nerusake ing Fakultas Kedokteran UNAIR.
Sajatine ana priya sing duwe rasa tresna marang Wulan
arane Hinaryanto. Sanajan Hinaroleh
saingan abot nanging dheweke patang mundur arep terus bersaing karo Rudy. Hinar
iku bocah meneng, luwih ganteng tinimbang Rudy.
Wis dadi gegayuhane Wulan wiwit cilik kepengen dadi
dokter, labuh labet marang masyarakat. Ambyur ing tengahing masyarakatsapa
ngrti bisa dadi sarana anggone kepethuk wong tuane. Sawise lulus Wulan praktek
neng Rumah sakit Dokter Soetomo Karang Menjangan. Jroning praktek saben ana
pasien wadon setengah tua mesthi ditakoni saka ngendi asale. Yen ana sing saka
Tuban banjur ditakoni apa duwe anak sing di titipake nang panti asuhan. Wulan
ora nerimaake menawa dheweke dikira anak haram, kang ora genah wong tuane.
Saiki jebule Rudy tega lan mentala gawe lara ati,
ninggalna dheweke. Wulan nyoba ngipatake pengalaman pait kang nembe dialami
dina kuwi. Dheweke pengen buktiake yen ora mung anake wong pangkat sing bisa
dadi dokter. Najan bocah panti asuhan uga bisa dadi dokter. Rasa mongkog bungah
lan trenyuh, nalikaWulam nampa penggumuman manawa dheweke lulus klawan cumlaude
jalaran seminggu sadurunge ujian kapedhotan katresnan kang meh gawa pepesing
pangarep-arep.
Wulan bungah banget jalaran ditugasake ing kutha
Tuban.Dene Hinar ing dhaerah Ngawi. Wulan manggon omah kang kasedhiyakake
kanggo dheweke. Yen sore bukak praktek, bayare murah ngiras pantes tetulung
marang wong kang ora duwe.Sedhela bae wis ditresnani masyarakat. Sanadyan wis
setahun anggone nindakake pakaryane, ewadene anggone nggoleki wong tuwane
durung ketemu.
Sawijining wengi nalika Wulan lagi kepenak anggone turu,
lawange dithokthok uwong seru nganthi kaget barang dibukajebule bu Sosro. Ngandhakake yen putrane
panas, wis setenga jam durung eling. Bu Sostro Cuma bisa nyritakake tentang
wong tuane wulan jalaran kanggo balas budi yen wis nolongi anake lan dheweke
sering ngina Wulan. Wong tuane Wulan arane Sumarni, dene Wulan duwe jeneng
Sulastri. Wulandari iku jeneng sing maringi bu Sosro. Bapake arane Wibowo
kelahiran Bantul. Wulan diparingi poto ibune, banjur dilebokake tas.
Ana pawartakang gawe kaget wulan jalaran Hinar dipindah
menyang Tuban. Wulan ngrti yen iku karepe Hinar, nanging atine rumangsa seneng
tambah kanca sing wis ditepungi watak watune. Hinar tansah nyoba nglilihake atine
wulan kang wis dadi es. Wong tuane hinar beda karo wong tuane Rudy. Awit
pindhahe Hinar kuwi wong tuwane kang mbudidaya amrih Hinar bisa cecedhakan karo
Wulan. Awit piyambeke pira yen Hinar nresnani Wulan. Sanajan Hinar Cerita
sanyatane, Wulan isih durung percaya.
Wulandari turu kepati,awit wayahe jam siji bengi.
Gragapan dheweke tangi jalaran ana telpun saka rumah sakit yen Wulan kudu
enggal budhal menyang rumasakit awit kurban kacilaka. Salah sijine kurban
wanita setengah tua sing ora eling dipapanake ing ruang A. Korban wanita mau
KTPne jenenge Sumarni kelahiran Bantul tahun 1935. Wulan banjur nakokake asl
usule Bu Puguh. Bareng bu Puguh nyritakake kang satemene, wulan nangis
megap-megap. Wanita mau dirangkul, wanita mau ibune Wulandari. Ibune wis bojo
meneh karo pak Pruguh.
Telung dina suwene Wulan liburan ning Semarang. Barang
balik olih udangan saka wong tuane Hinar kang ngrayakake ulang tahun
perkawinaneing Surabaya. Wong tuane Hinar seneng marang Wulan. Umahe Hinar apik
lan megah. Trnyata bapake Hinar kuwi bapak kandunge Wulandari, Hinar mung anak
walone pak Wibowo.
WulanDari lan Hinaryanto mantenan. Uripe bahagia lan ora
kekurangan. Wulandari bungah banget bisa kumpul karo bapak lan ibu kandunge lan
wis ngomah-omah karo Hinar. Hinar lan Wulan tetep dadi dokter sing bantu
masyarakat.
1 komentar:
beli novel dokter wulandari dmana ya
Posting Komentar