CARANE NGGEGULANG NYINAU KASUSASTRAN
Wong kang during
kasinungan pangrasa landhep marang Kasusastran utawa endahing basa, bisa
nglelatih pangrasa mau sarana:
-
Maca buku kang isi
kasusastran.
-
Nggatekake
carita-carita utawa sesorah-sesorah kang isi basa endah.
- Nyoba nggawe reriptan
(ngarang) nganggo basa kang endah.
Wong
kang nedya nggilut Kasusastran Jawa, Manawa maca buku utawa ngrungokake sesorah
kang abasa Jawa, ora mung apiking isine utawa surasane bae sing diprelokake ;
luwih digatekake maneh basane. Ukara-ukara kang apik dhedhapukane, nganti
surasane bisa mranani, tembung-tembung kang mapan panganggone,
dilimbang-limbang, dipetani, dirasakake temenan. Saupama mrangguli ukara sang
wagu, tembung kang kurang mapan panganggone, kaudi murih bisa ngerti kapriye
becike siowahi kapriye mungguh prayogane.
Wondene
manawa sinau ngarang, ora mung beciking isine lan benering tulisane sing
ditengenake, luwih ditenengake maneh basane; kaudi bisaa dadi karangan kanng
abasa endah.
0 komentar:
Posting Komentar