Geguritan Jawa



Kancaku, sahabatku

Limang taun dhewe bareng
Sedhih, kucewa, bahagyan, seneng
Bareng-bareng dhewe rasakke
Kabeh ora ana sing ditutup-tutupi
Kancaku..
            Kepriye wae kahananku
            Aja nganthi awakmu lali karo aku
            Iling prinsipe dhewe
            Awakmu ana kanggo aku
            Lan awakmu sing mesthi ana kanggo aku
Sok mben yen dhewe wis tuwa
Wis duwe kahidupan dhewe-dhewe
Awakmu tak critakna nang anak-anakku
Yen dhewe iku sahabat
Sahabat kenthel nganthi kapan bae
Sahabat kenthel sing tak duweni
Merga ora ana istilahe bekas kanca
Apa maneh bekas Sahabat


  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar