Geguritan Jawa



Kancaku, sahabatku

Limang taun dhewe bareng
Sedhih, kucewa, bahagyan, seneng
Bareng-bareng dhewe rasakke
Kabeh ora ana sing ditutup-tutupi
Kancaku..
            Kepriye wae kahananku
            Aja nganthi awakmu lali karo aku
            Iling prinsipe dhewe
            Awakmu ana kanggo aku
            Lan awakmu sing mesthi ana kanggo aku
Sok mben yen dhewe wis tuwa
Wis duwe kahidupan dhewe-dhewe
Awakmu tak critakna nang anak-anakku
Yen dhewe iku sahabat
Sahabat kenthel nganthi kapan bae
Sahabat kenthel sing tak duweni
Merga ora ana istilahe bekas kanca
Apa maneh bekas Sahabat


  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Contoh Geguritan Jawa

Srengenge sang Surya

Tekamu saka sisih wetan
Warna abang rupamu
Dibarengi swara manuk padha sesautan
Dialing-alingi wit-witan
Sing bisa nambah ketegesan rupamu
   Sang surya saiki ngamuk
            Ngetokake ketegesan srengengene
            Panas, panas, lan panas
            Iku kabeh merga manungsa
            Manungsa sing ora nduweni rasa puas
Murkane sang surya agawe sengsara
Nanging yen wis kaya ngono
Kapan sadharmu? Kapan kowe duwe rasa syukur?
Syukur marang Gusti
Gusti sing wis njalanke srengenge sang surya ing donya iki


  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

Geguritan Jawa



Kecewaku marang awakmu

Percayaku marang awakmu tenanan
Kabeh dhewe lakokna bareng
Kala  biyen awakmu mesthi ana kanggo aku
Tapi kabeh iku biyen
Sadurunge awakmu kenal wong liya
            Tapi saiki.,
Awakmu ngecewakake kepercayaanku iki
Kabeh awakmu remuk
Namung merga wong liya sing nembe awakmu kenal
Awakmu lunga, lunga ninggalke aku dewekan
Aku ngandel karma iku ana
Nanging aku dudu wong sing seneng kaya awakmu
Aku namung bisa mbatin
Matur nuwun wis tau gawe seneng awakku

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS